Wacana Pawiwahan Sunatan/ Pembukaan acara Khitanan di dalam bahasa Jawa/ Circumcision in the opening event in the Java language FOR GENERAL JAVANESE


Wacana Pawiwahan Sunatan/ Pembukaan acara Khitanan di dalam bahasa Jawa

(Sumber: Margono, G. Tuladha-tuladha Tanggap Wacana Basa Jawa. Surabaya: KaryaUtama.)

Assalamualaikum wr. wb.

                Nuwun, para pinisepuh ingkang kibabekten.
                Bapak-bapak, ibu-ibu saha sadherek-sadherek kakung sumawana putrid ingkang dahat kinurmatan.

                Kula keparenga sumela atur nggempil kamardikan panjenengan sekaliyan, kalanipun saweg sakeco mawan pangandika.

                Kula minangka tetalaning tanggap wacana kalilanana kula matur ing ngarsanipun para rawuh kakung miwah putrid, bilih saking keparengipun Bapak Sudarmanto sarimbit, kula tinanggenah nglairaken raos pangraos ingkang mijil saking telenging wardaya. Saking Bapak Sudarmanto sarimbit, langkung rumiyin ngaturaken puji syukur Alhamdulillah dumateng ngarsanipun Pangeran Ingkang Maha Agung, dene saged anjengi pawiwahan supitan (sunatan) putranipun ingkang angka katiga nama pun Satrya Erda Wisnu Marta. Kaping kalihiipun Bapak Sudarmanto sekaliyan ngatutaken pambagyo sugeng rawuh dumateng para tamu kakung sumawana putrid. Bapak Sudarmanto sekaliyan ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa upami. Dene panjenengan sami sampun kersa nglonggaraken wekdal saha penggalih saged sowan ing pahargyan punika kanthi lega-legawaning manah. Lintunipun menika Bapak Sudarmanto sarimbit ngaturaken gunging panuwun, dene panjenengan sami ugi kersa paring berkah pangestu dumateng putra kula ingkang sampun dipun khitan. Panjenengan Bapak Sudarmanto sekaliyan rumaos karoban ing sih sutrisna bebasan kadi lelumban wonten samodra kencana, sakalangkung ndadosaken bombing bingahing manah.

                Kaping tiganipun mboten kesupen ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindahan katur dumateng para sanak sadherek kadang kadeyan, pamong mitra saha tangga tepalih tuwin para muda-mudi ingkang sampun kantho rila legawa paring pambiyantu lan panyumbang ingkang awujud punapa kemawon ingkang ndadosaken kemayaranipun ingkang mengku damel.

                Sarehning Bapak Sudarmanto sarimbit mboten saged ngaturi pinwales punapa pramila sagedipun namun ngaturaken gunging  panuwun mugi lumebering sih kanugrahaning kautaman panjenengan angsala pinwales kanugrahan saking Gusti Allah SWT. Ingkang matikel-tikel saha mawantu-wantu.

                Kaping sekawan Bapak Sudarmanto sarimbit nyuwun gungan panjenengan sekaliyan kersaha parng berkah pangestu wilujeng dumateng putranipun ingkang mentas dipun icali sukeripun saged wilujeng nir ing pancabaya, sageda dados putra ingkang diwasa remaja ngertos tanggel jawab, bektu marang sesepuh lan murakabi dating bebrayan, kathah labuh labet dating negari bangsa lan agaminipun.

                Mbok biilih wonten kiranging trapsila anggenipun ngacarani rawuh saha mapanaken palenggahan panjenengan sadaya, kiranging trapsila saha bojakrama para sanak sadherek ingkang tinanggenah among tamu. Kiranging trapsila para sinoman angggenipun nglantaraken bojokrama, wonten kuciwaning pasugatan lan lelangen, kersaha para tamu angluberna sih pangaksama.

                Ing wusana para tamu kasuwun sanget keparenga anglajengaken anggenipun sami lelenggahan kanthi suka manggun saha angrakabi sadaya pasugatan lan lelangan ingkang kaladosaken ngatos dumugi paripurnaning pawiwahan punika.

                Minangka puput popuntoning atur, mbok bilih anggen kula ngaturaken tanggap wacana pambagya wara punika taksih katha cicir cewet kuciwaning atur, saha kirang trapsilaning anggen kula matur, awit kiranging pangertosan kula, mugi para tamu kersaha anglunturaken gunging samodra pangaksama.

                Akhirul kalam bilahit taufik wal hidayah,

                Wasalamualaikum wr. wb.

                Nuwun!

0 comments:

Post a Comment