Ukara Carita (Kalimat Berita), Ukara Pitakon (Kalimat Tanya), Ukara Agnya utawa Pakon (Kalimat Perintah), Ukara Sabawa (Kalimat Seru) ten Basa Jawa/ news sentences, or questions, sentence order, exclamation sentence in Javanese FOR JUNIOR HUGH SCHOOL JAVANESE


Ukara Carita (Kalimat Berita), Ukara Pitakon (Kalimat Tanya), Ukara Agnya utawa Pakon (Kalimat Perintah), Ukara Sabawa (Kalimat Seru) ten Basa Jawa

(Sumber: MUJIONO. Jati Diri. Ponorogo:MGMP Basa Jawa.)

A) Ukara Carita. Ukara Carita iku sawenehe ukara kang surasane (isi lan tegese) aweh pawarta utawa carita ngenani sawijine perkara. Dene tata carane ngrakit ukara carita yaiku kawiwitan huruf capital lan dipungkasi mawa tandha titik. Tuladha: Para siswa padha sinau basa Jawa.

B) Ukara Pitakon (Kalimat Tanya). Ukara pitakon iku sawenehe ukara kang surasane nakokake sawenehe prakara kang durung cetha, utawa durung jelas. Dene anggone ngrakit ukara iku kudu mawa wewaton ing bab, babagan, utawa perkara apa kang ditakokake. Dene lumrahe pitakon iku kaya kang kacetha ing tembung sesulihe pitakon ing ngisor iki.

1) Nakokake wewujudan.

a) Wewujudane manungsa, nganggo tembung pitakon sapa. Tuladha: Sapa jenenge wong tuwamu? Spa sing bisa ndadani radio?

b) Wewujudan barang nganggo tembung pitakon apa. Tuladha: Apa sing kok gawa kuwi? Apa sing dadi panjalukmu?

c) Wewujudan tumrap samubarang, nganggo tembung pitakon endi. Tuladha: Endi klambi sing kok silih? Endi dhuwit arisanmu?

2) Nakokake kahanan. Tembung kang digunakake kanggo nakokake kahanan yaiku: kepriye (piye). Tuladha: kepriye kabare, lawas ora ketemu? Priye kedadene kok nganti bisa kaya ngana?

3) nakokake Cacah. Tembung kang digunakake kanggo nakokake cacah yaiku pira, utawa sepira. Tuladha: Pira regane gabah saben kilone? Sepira akehe zakat sing kudu dibayarake?

4)nakokake panggonan. Tembung kang digunakake kanggo nakokake panggonan yaikut: endi. Tuladha: endi omamu? Ingendi sekolahmu?

5) Nakokake Mangsa utawa Wektu. Tembung kanggo nakokake mangsa utawa wektu yaiku: kapan, dhek kapan, besuk kapan, wayah apa. Tuladha: Kapan kowe dolan menyang omahku? Dhek kapan kowe tamasya menyang Borobudur? Suk kapan tibane mangsa panen duren?

C) Ukara Agnya utawa Pakon (Kalimat Perintah). Ukara agnya yaiku ukara kang surasane ngakon, mrentah marang wong supaya nindakake kaya kang dikarepake dening sing mrentah. Apa kang ditindakake dening wong mau kaya kasebut ing tembung kriyane. Lumrahe tembung kriyane oleh panambang a, na, ana, en, utawa nen.
Tuladha:

Budhal+a= kowe budhala saiki, supaya ora telat!

Jupuk+na= jupukna dhuwit ana dompet kuwi!

Dandan+ana=dandanana meja kuwi!

Panan+en= panganen berkat nang meja kuwi!

Angkat+en=angkaten kursi kuwi!

D) Ukara Sabawa (Kalimat Seru). Obahe owahane wektu dhetik, menit apa dene jam iku ndayani obah owahe swasana kang dialami dening manungsa. Ana kalane manungsa iku ngalami bunga merga oleh kabegjan ana uga kang susah amarga nandang lelara, kacilakaan, kelangan lan sapitirute. Ana uga kang kuciwa merga a[a kang diseja ora kaleksanaan. Kahanan kang kaya mangkono lumrahe kawetu ing ukara. Yen ta kahanan susah, bungah, kuciwa kaget gela iku kawetu ing ukra, mula ukarane diarani ukara sabawa. Ukara sabawa iku kang kocap metu saka lathi kadhang kala mung sak wanda sak tembung, la nana uga kang pirang-pirang tembung. Tuladha:

1) Sabawa kang magepokan karo pengrungu. Thik, dher, jlegur, lan sapanunggale. Tuladha: Dhor! Sapisan bae pistol iku diarahake ing sikile jambret.

2) Sabawa kang magepokan karo pandeleng, barang kang katon. Byar, lap, blas, nyat, lan sakpanunggale. Tuladha: lap! Cahya thathit ilang sanalika, banjur gemgleger dadi bledheg.

3) Sabwa kang magepokan karo pangungun, gumun. Wah, biyung, tobil, toblas. Tuladha: wah-wah! Hebat tenan kowe!

4) Sabawa kang magepokan karo rasa suka, seneng, bungah. Hore. Tuladha: hore! Aku menang main bal voli!

5) Sabawa kang magepokan karo rasa kaget. Hlo, lah, lah dalah. Tuladha: lah dalah! Jebule kowe ta malinge!, hlo! Dhompetku kok ilang!

6) Sabawa kang mratelake (menyatakan) rasa kuciwa utawa prihatin. E, o, dhuh, lo. Tuladha: dhuh! Ibuku nganti dina iki kok durung kondur.


0 comments:

Post a Comment