Tanggap Wacana Isro Mi’roj Pengetan/ Pidato Panitia Hari Isro Mi’roj di dalam bahasa Jawa/Speech Committee Ascension Day in the Java language FOR GENERAL JAVANESE


Tanggap Wacana Isro Mi’roj Pengetan/ Pidato Panitia Hari Isro Mi’roj di dalam bahasa Jawa

(Sumber: Margono, G. Tuladha-tuladha Tanggap Wacana Basa Jawa. Surabaya: KaryaUtama.)

                Assalamualaikum wr. wb.

                Bapak-bapak, ibu-ibu saha sadherek-sadherek kaum muslimin wal muslimat ingkang kula kurmati.

                Mangga kita sesarengan munjuk atur wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT, ingkang sampun paring kanugrahan rahmat saha hidayah, dene kula panjenengan sami saget makempal wonten mriki saperlu ngawontenaken pengetan isro mi’roj.

                Kula minangka “Panitia Penyelenggara” pengetan isro mi’roj ing masjid Ar Rahman Desa Bangsalan Kecamatan Sambit Ponorogo mriki punika ngaturaken agungipun panuwun ingkan tanpa upami dhumateng para muslimin lan muslimat ingkang sampun kersa nglonggaraken wekdal ngrawuhi pengetan Isro Mi’roj ing panggenan mriki. Semanten ugi dhumateng para sanak saderek ingkang sampun kersa mbiyanto bot repoting pahargyan pengetan Isro Mi’roj punika.

                Para rawuh sadaya ingkang satuhu bahagyan mulya. Ing wekdal punika kaleres tanggal 27 Rajab 1433 Hijriyah utawi tanggal 17 wulan Juni tahun 2012 Masehi, kita sesarengan mengeti Isro Mi’roj kanjeng Nabi Muhammad Saw.

                Isro Mi’roj punika agenging paedahipun dhumateng manungsa sak ndonya, mliginipun kita umat Islam. Kangge ngayakinaken umat Islam bilih kanjeng Nabi Muhammad Saw. Ngawontenaken Isro, inggih punika tindak ing wanci dalu saking Masjidil Haram dumugi ing Masjid Aqsa ing Palestina, kanthi tithan Buraq inggih punika satunggalipun kewan ingkang sampun dipun cawisaken dening Allah SWT. Kanjeng nabi Mi’roj punika dating langit, saking Masjid Aqsa (Palestina) dhumateng Sidhratul Muntaha. Sidratul Mutaha punika langit sap pitu.

                Ing salebeting Isro lan Mi’roj punika kanjeng nabi Muhammad Saw pikanthuk wahyu shalat sedinten sedalu kaping gangsal. Ing samangke luwih gambling lan cethanipun badhe dipun wedaraken dening Bapak Sudarmanto saking RT 1 RW1 Desa Bangsalan Kecamatan Sambit.

                Kula kinten atur pambuka pengetan Isro Mi’roj saking kula cekap semanten kemawon. Mangga kita sesarengan paring tetenger bilih pengetan punika kita wiwit kanthi maos basmala.

“Bismilahir rahmanir rahim”

Akhirul kalam bilahit taufik wal hidayah,
Wasalamualaikum Wr. Wb.

Nuwun!

0 comments:

Post a Comment