Tanggap Wacana Dinten Iedul Adha/ Pidato Hari Idul Adha di dalam bahasa Jawa/ Speech Day of Eid al-Adha in the Java language FOR GENERAL JAVANESE


Tanggap Wacana Dinten Iedul Adha/ Pidato Hari Idul Adha di dalam bahasa Jawa

(Sumber: Margono, G. Tuladha-tuladha Tanggap Wacana Basa Jawa. Surabaya: KaryaUtama.)

                Assalamualaikum wr. wb.

                Bapak-bapak, ibu-ibu saha sadherek-sadherek kaum muslimin wal muslimat ingkang kula kurmati.

                Puja-puji syukur Alhamdulillah mugi kunjuk ing ngarsaning Gusti Allah SWT. Ingkang sampun paring berkah saha hidaya dhumateng kita, bilih ing dalu punika kula panjenengan sami saged makempal wonten ing Mushola Baitul Muqodas Desa Bangsalan Kecamatan Sambit Ponorogo, kangge angrengengaken dinten ageng umat Islam dinten Iedul Adha utawi idhul Kurban.

                Bapak-bapak, ibu-ibu saha sadherek kaum muslimin wal muslimat, dinten ari raya idhul kurban punika mengerti kanjeng Nabi Ismail as. Dipun semebelih tiyang sepuhipun inggih punika kanjeng Nabi Ibrahim as. Minangka pangujining Gusti Allah SWT. Dhumateng kanjeng Nabi Ibrahim as. Kaliyan putranipun Ismail. Kados pundi ketakwaan saha sih katresnanipun kanjeng nabi dhumateng Allah SWT. Awrat pundi tresnanipun dhumateng pangeranipun punapa awrat tresnanipun dhumateng putranipun. Kanjeng Nabi Ibrahim mbuktekaken bilih tresnanipun dhumateng Gusti Allah SWT. Langkung ageng tinimbang tresnanipun dhumateng ingkang putranipun Islamil. Pramila kanthi ikhlas nabi Ibrahim as. Rila ngurbanaken putranipun. Kanthi kekuasaanipun Allah SWT. Pramila ismail dipun gantos satunggaling menda domba.

                Saking kedadosan punika kita saged mendet hikmahipun. Hikmahipun, kita manungsa kedah ikhlas ngurbanaken banda saha sadya ingkang dipun kersakaken Allah SWT.

                Kados pundi riwayat saha kedadosanipun ngengingi kanjeng nabi Ibrahim dalah putranipun, ing samengke saged dipun midhangetaken aturipan para tokoh desa lan alim ulama ing andicara candakipun.

                Wasana atur pambuka saking kula mboten perlu kula panjangaken. Cekap semanten kemawon atur kula, akhirul kalam bilahit tahufik walhidayah.

Wasalamualaikum Wr. Wb.
Nuwun!

0 comments:

Post a Comment