Genre Utawa Jenis Cerita Cekak/ Jenis Cerita Pendek di dalam bahasa Jawa/ Types Short Stories in the Java language FOR JUNIOR HIGH SCHOOL JAVANESE


Genre Utawa Jenis Cerita Cekak/ Jenis Cerita Pendek di dalam bahasa Jawa

(Sumber: Mujiono. Jati Dhiri. Ponorogo:MGMP Basa Jawa.)

                Cerita Cekak kang uga diarani cerkak iku yen di deleng saka wujud utawi blegere pancen mujudake sawijine cerita kang cekak. Yen ta di tulis ing lembaran kertas ngono lumrahe kurang luwih sepuluh lembar. Yen ta diwaaca Cerita Cekak iku ora nganti sak jam rampung. Kejaba saka iku yen ta di deleng saka cacahe paraga (tokoh) cerita, ing cerita cekak paragane mung sethithik banget bisa uga mung wong loro nganti wong lima. Pancen ing Cerita Cekak iku masalah utawi konflike (reruwete cerita) ora akeh (tidak kompleks) jalaran carita kang diandharake uga cekak. Mligine ing jagade (khasanah) kasustraan Jawa, Cerita Cekak iku diperang utawi digolongake dadi 3 jinis utawi genre. Iki cundhuk karo kang diandharake dening Prof. Dr. Setya Yuwana Sudikan M. A. (salah sawijining Guru Besar Sastra saka Universitas Negeri Surabaya), yen kang tinemu ing kalawarti (majalah) basa Jawa iku pancen nuduhake kanyataan babagan anane genre mau. Dene genre (jenis) Cerita Cekak mau yaiku: Cerita Cekak sejati (kang ing kalawarti mung ditulis cerkak wae), roman sacuwil utawa roman remaja (manja), lan carita alaming lelembut.

                Cerita Cekak telung jenis iku duwe cirri wanci (kekhasan) lan pandhemen dhewe-dhewe. Mula saka iku ing kalawarti Paneyebar Semangat lan Jaya Baya tansah ngemot (memuat) lan nyuguhake Cerita Cekak jinis mau. Istilah, aran utawi jeneng Cerita Cekak iki ana ing kalawarti Jaya Baya lan Panyebar Semangat, iku wis padha. Nanging jeneng cerita roman utawi roman sacuwil iku dienggo dening Kalawarti Jaya Baya. Dene ing Panyebar Semangat diarani crita roman remja kang banjur dicekak “manja”. Crita alaming lelembut, dienggo ing kalawarti Panyebar Semangat, dene ing Jaya Baya diarani cerita misteri. Apa kang dadi isi lan kang dicritakake dening telune jinise (genre) crita mau pancen beda banget. Ing cerita cekak kang banjur diarani cerkak, kang dianggep minangka sejatina cerkak (cerpen yang sesungguhnya) iku ngemot (memuat) crita kang isine mentes (berbobiot). Ing cerkak iki sapa bae kang maca disuguhi ing sawijining masalah, diajak mikir lan diajak ngonceki masalah nganti bisa ngudhari ruwete masalah mau. Ing cerkak iki para pamaca ora mung dilelipur (dihibur) nanging uga diajak latihan mikir lan ngudhari masalah kang tundhone (yang akhrinya) para pamaca bisa dadi pinter.

                Dene kang ana ing crita roman sacuwil apa dene roman remaja iki para pamaca bakal oleh panglipur kang nyata. Ing kene ora ana masalah kang kudu dipikur utawi diudhari. Para nom-noman, lan sapa bae kang lagi nandhang kasmaran, lan wong tuwa sing kepengin “bernostalgia” ing jaman nom-nomane mesthi seneng maca crita cerkak iki. Kanthi maca crita roman iki sapa bae bisa ngumbarake (mengembarakan) rasa sih katresnane nut ilining crita kang diwaca. Rasa asmarane bakal kegugah. Sawise maca pikolehe rasa seneng jalaran lelakon ing crita mau padha utawi nyrempet karo kang dilakoni, sedhih jalaran katresnane ora ketekan, trenyuh jalaran katresnane punggel (tragis), lan sapiturute.
Jinis utawi genre crita alaming lelembut iki ora kena dianggep padha karo dongeng utawi wacan bocah, jalaran crita iki pancen dudu wacane bocah. Kang memaca crita alaiming lelembut utawi crita misteri iki golongane remaja nganti wong dewasa. Pancen ora kena diselaki yen bebrayan utawi masyarakat Jawa iku percaya banget marang anane dhemit, gendruwo, setan, dhanyangan lan bangsane lelembut liyane. Isine crita alaing lelembut iki ora tinemu nalar nanging akeh para pamaca kang seneng maca crita iki jalaran kaya bisa nggawa dheweke ing alam gaib. Sawijining alam ora bisa dijangka utawi diambah kanthi badan wadhag (jasmaniah) nanging alam kang mung bisa diambah karo badan alus (rokhaniah) lan keyakinan utawi kapitayan. Kejaba saka iku para kang maca oleh pengalaman anyar kang oraa bisa digayuh lan diprangguli ing alam nyata.

                Genre utawi jinis cerita cerkak kang diandharake ing dhuwur iku mau durung bisa dirembug (dibahas) bebarengan ing buku ini. Nanging, saorane para siswa wis bisa oleh gambaran yen kang diarani cerkak iku ing kasustraan Jawa ana telung (3) jinis. Sabanjure kang minangka dudutan (simpulan) cerita cekak (cerkak) yaikut:

1) Cerkak iku cekak banget yen katandhingake karo roman lan novel.

2) Yen ditulis kurang luwih mung 10 lembar.

3) Yen diwaca ora nganti mbutuhake wektu 1 jam.

4) paraga critane uga sethithik, 2 nganti akeh-akehe 5 paraga,

5) perkara utawi masalah utawi konflik uga sethithik ora dawa kadlarung-dlarung.

0 comments:

Post a Comment