Basa Ngoko Andhap kanggo Tetepungan/ Bahasa Jawa Ngoko di dalam kalimat bahasa Jawa/ Javanese-ngoko in sentences Javanese FOR JUNIOR HIGH SCHOOL JAVANESE


Basa Ngoko Andhap kanggo Tetepungan

(Sumber: MUJIONO. Jati Diri. Ponorogo:MGMP Basa Jawa.)

Basa ngoko andhap pancen beda banget karo basa ngoko lugu. Ing basa ngoko lugu kabeh tetembungane ngoko. Dadi yen ditrapake kanggo omong-omongan, antarane sing ngajak guneman lan sing diajak guneman drajade dianggep padha, saengga ora ana sing diajeni. Anggone ngajeni mung sawetara bae.

                Dene basa ngoko andhap, pengrakite tetembungan nganggo basa ngoko kang kecampuran krama inggil iki gunane kanggo ngajeni tumrap wong sing diajak guneman. Wong sing ngajak guneman nganggep yen wong sing diajak guneman drajade anggone ngajeni luwih dhuwur. Panganggone basa ngoko nandhakake yen sesrawungane raket banget. Rumakete sesrawungan iki isih didhasari rasa ngajeni. Sesrawungan sing kaya mangkene iki diajab bisaa ditrapake ing bebgrayan (masyarakat) Jawa sing jaman saiki.
Supaya luwih gambling coba gatekno tuladha iki.
Ngoko Lugu
Ngoko Andhap
Bapak lagi maca Koran.
Bapak lagi maos Koran.
Bapak mulih saka kantor.
Bapak kondur saka kantor.
Anake Pak Lurah saiki kuliha ing Amerika.
Putrane Pak Lurah saiki kuliah ing Amerika.
Sing diombe bapak mung banyu putih, saiki wis ora gelem ngombe wedang kopi.
Sing diunjuk bapak mung banyu putih, saiki wis ora kersa ngunjuk wedang kopi.
Pak Dul lara stroke, mula tangan lan sikile kiwa tengen ora bisa diobahake.
Pak Dul gerah stroke, mula asta lan ampeyane kiwa tengan ora bisa diobahake.

Saka tuladha mau, jebul ora kabeh tembung digawe karma inggil. Utawa sing digawe karma inggil iku mung tembung-tembung tartamtu. Tembung dikramakake inggil iku tembung kang magepokan karo:

1) Solah-bawa (aktifitas) kang awujud tembung kriya.

2) Deduwekan, (apa-apa sing diduweni uwong).

3) Ater-ater panambang /e/,/ne/ sing magepokan karo deduwekan ora perlu dikrama inggilake.

0 comments:

Post a Comment