Tanggap Wacana Ari Raya Idhul Fitri/ Contoh Pidato Hari Raya Idul Fitri di dalam bahasa Jawa/ Sample Speech Eid in the Java language FOR GENERAL JAVANESE


Tanggap Wacana Ari Raya Idhul Fitri/ Contoh Pidato Hari Raya Idul Fitri di dalam bahasa Jawa

(Sumber: Margono, G. Tuladha-tuladha Tanggap Wacana Basa Jawa. Surabaya: KaryaUtama.)

Assalamualaikum Wr. Wb.

                Bapak-bapak, Ibu-ibu saha sadherek-sadherek kaum muslimin lan muslimat ingkang satuhu kula kurmati.

                Minal aidzin wal faidzin.

                Para rawuh, mangga kita sesarengan mucap padya puji pudyastuti wonten ngarsaning Gusti Ingkang Maha Agung inggih punila Gusti Allah SWT, ingkang sampun paring taufik wal hidayah, dene ing wakdal punika kula saha panjenengan taksih pinaringan kasugengan saha karaharjan, saged pinanggih wonten ing Masjid Baitul Muqodas Desa Bangsalan Kecamatan Sambit Ponorogo mriki, saperlu ngawintenaken pepanggihan nyambut dinten riyadi punika.

                Kados ingkang sampun kita mangertosi bilih mbenjang enjang, umat Islam ing saindenging nusantara badhe ngawontenaken dinten ingkang ageng, dinten ingkang kebak kabagyan tumrapipun umat Islam inggih punika dinten Riyadi Idhul Fitri. Dinten Riyadi Idhul Fitri punikasatunggaling dinten ingkang ageng tumrapipun umat Islam, ingkang dipun rengengaken kanthi kebak rasa syukur dhumateng Allah SWT.

                Allahu akbar, Allahu Akbar, Allahu akbar, La ilaha illallahu Allahu akbar, Allahu akbar walillah-hul hamd.

                Nganti ngagungaken asmanipun Gusti, mboten wonten Gusti ingkang kula saha panjenengan sembah kejawi naming Gusti Allah SWT. Piyambak.

                Tembung Idhul Fitri punika  saking tembung Idhul saha Fitri. Idhul punika wangsul, saha Fitri utawi Fitrah punika suci.

                Artosipun Idhul Fitri punila “wangsul suci”, maksudipun sak purnaning siyam satunggal wulan, minangka rukun Islam ingkang kedah dipun tindakaken, kita wangsul suci malih.

                Pramila wonten ing dinten ageng punika, kita sesareng nyuwun dhumateng ngarsanipun Alla SWT. Supados dosa kula lan dosa panjenengan sageda lebur.

                Mugi-mugi Gusti Allah kersa maringi ngapura dhumateng kula panjenengan sekaliyan, lumantar ing dinten riyadin punika.

                Bapak-bapak, ibu-ibu saha sadherek-sadherek kaum muslimin lan muslimat ingkang satuhu bagyan mulya.

                Sampun satunggal wulan kita umat Islam sami nindakaken ngibadah Siam. Kita saged ngraosaken pundi raosipun mboten nedha saha ngunjung sadangunipun satunggal dinten, saha saged nahan hawa nafsu. Pramila kita saged ngraosaken kados pundi raosipun tiyang-tiyang ingkang gesangipun tansah kekirangan. Pramila ing dinten riyadi punika Allah paring dawuh dhumateng umatipun supados ngedalaken zakat pitrah kangge sederek-sederek kita ingkang kekirangan.

                Zakat pitrah ngresiki dosa kita tumrap umat ingkang mampu. Sanesipun punika mbenjang-enjang kula suwun sadherek sadaya kaum muslimin muslimat ingkang satuhu kinurmatan kersa ngrawuhi Sholat Ied wonten ing Masjid Ar Rahman Desa Bangsalan Kecamatan Sambit Ponorogo. Piyantu istri ingkang nembe wulan ugi kasuwun rawuh midhangetaken khotbah.

                Ing pungkasanipun atur, mugi-mugi kita saged mrayakaken dinten riyadin kanthi remen saha kebak ketakwa;an dhumateng Allah SWT.

                Akhirul kalam wabilahit taufik walhidayah.

                Wassalamualaikum wr. wb.

                Nuwun!

0 comments:

Post a Comment