Basa Rinengga ten Boso Jawi/ Bahasa Rinengga di dalam bahasa Jawa/ Basaa Rinengga in Javanese FOR JUNIOR HIGH SCHOOL JAVANESE


Basa Rinengga

(Sumber: Mujiono. Jati Diri. Ponorogo:MGMP Basa Jawa.)

Ing jaman saiki isih akeh temanten kang migunakake adat tatacara Jawa. Lire, temanten mau dipacaki mengganggo busana kejawen. Ing upacara pahargyan temanten iki sangsaya regeng kanthi anance MC, utawa panatacara. Basa kang digunakake panatacara iki kagolong basa kang ndhakik-ndhakik. Saweneh uwong ngarani yen basa kang digunakake panatacara iku golongan basa kawi, mula ya angel ditegesi. Satemene mono ora kabeh dhapukane basa migunakake basa kawi. Anane basa kawi mau mung minangka pepaes (untuk memperindah) wae. Mula saka iku satemene basa kang digunakake panatacara kanggo nyandra temanten iku kalebu golongan Basa Rinengga. Basa Rinengga tegese basa kang dipaesi supaya dadi endah, merbawani lan ngresepake. Wondene carane ngrakit basa rinengga iku:

1) sarana dikandhakake utawa diucapake nganggo tetembung liya kang surasane utawa tegese luwih bregas.

2) diganti tetembung sawatara kanthi tembung kawi.

3) Migunakake Purwakanthi, seselan, pepindahan, sanepa lan saroja. Tuladha:

a) Caranae dikandhakake utawa diucapake nganggo tetembung liya kang tegese luwih bregas:

i)“Kudu” diucapake tan kena ora.
ii) “sedhele banget”, diucapake sekedhap netra, utawa diucapake, yen nginanga durung abang, ngidua durung asat.
iii) “salumahing bumi sakurepe langit”, diucapake, kang kasangga ing pratiwi, kaungkulan ing akasa.

b) Tetembungane sawatara diganti nganggo tembung kawi, tuladhane:

i) Mulya kawuryan ana teja angenguwung mawa praba.

ii) amucang kanginan denira lumaksana.

iii) prapteng madyaning sasana pawiwahan kagyat kagora kang apindha sitaresmi inggi mustikaning pawiwahan.

iv) saka caket denira lumaksana panganten putrid, samana wis prapteng unggyan kang tinuju, nulya penganten kekalih samya apagut tinggal.

v) prayata punika tejane penganten kakung ingkan binayangkare mijil saking wisma palereman, kinanthi manjing sasana pawiwahan.

3) Migunakake purwakanthi, seselan, sanepa lan pepindahan, tuladhane:

i) Yayah linobong jroning wardaya, kalem karoban ing memanis (migunakake pepindahan).

Tegese                 : (nampa kanugrahan kang gedhe banget, nganti gawe senenge ati kang kaluwih seneng)
Yayah                    : kaya.
Linobong             : kareben seneng.
Jroning wardaya: jroning ati.
Kelem                   : kleleb.
Karoban               : kebanjiran.
Memanis             : memanis (kabegjan gedhe)

ii) Yen ta tamta sumbaga wirotama prawira jayeng palugon, tatag tangguh tanggoh, tanggung jawab (migunakake pepindahan lan purwakanthi guru sastra).

iv) para rawuh kakung sumawana putri ingkang minulya (minulya: in+ mulya)-oleh seselan /in/.

v) Inggih awit saking mundhi dhawuhipun Bapak Mudjiono, kula kinen matur, ngaturaken ingkang dados prenthuling galih. (kinen: asale saka ken-kengken oleh seselan/in/).

vi) Tinonsaking mandrawa katon muncar mancorong guwayane sri panganten. (Tinon asale saka ton-tonan oleh seselan /in/, didelok, disawang).

0 comments:

Post a Comment