Nyiapaken Tanggap Wacana/ Menyiapkan Rancangan Pidato Bahasa Jawa/ Preparing Plans Speech in Javanese language FOR GENERAL JAVANESE


 Nyiapaken Tanggap Wacana/ Menyiapkan Rancangan Pidato Bahasa Jawa

(Sumber: Margono, G. Tuladha-tuladha Tanggap Wacana Basa Jawa. Surabaya: KaryaUtama.)

                Pademalan punapa kemawon tamtu bade langkung sae menawi sakderengipun dipun siapaken langkung rumiyin semanten ugi ngingingi tanggap wacana.

                Tanggap wacana ingkang mboten dipun siapaken saderengipun, umumipun kirang sae, tamtu taksih wonten thithaling saha taksih wonten kekiranganipun. Terkadang ingkang midangetaken dereng saged nampi babaran saking rantaman punika.

                Ing salebeting tanggap wacana satunggaling pananggap wacana badhe pikantuk sambetan ingkang sae, menawi piyambakipun ugi nglumantaraken kanthi wacana ingkang sae ugi pramila saking punika kedah dipun gatosaken pekawis ingkang kirang mranani panggalih dhumateng ingkang midanget.

                Kajawi saking punika sikep sarira kedah kita damel sesae-saeipun. Sikep sarira ingkang kirang mranani punika saged ngirangi daya panarik.

Tuladha sikep sarira ingkang kirang mranani:

Ø  Jumeneng mboten nggatosaken papan panggenan.

Ø  Jumeneng kanthi lelendehan papan wicara.

Ø  Jumeneng kaku utawi sawangsulipun loyo mboten semangat.

Ø  Jumeneng kanthi suku sakelangkung rapet, utawi sawangsulipun jumeneng kanthi suku sakelangkung mekar (mbegagah).

Ø  Jumeneng kanthi lelambaran setunggal suku.

Ø  Ngewah-ngewah sarira.

Ø  Gumujeng ingkang dipun damel-damel.

Ø  Mbesengut.

Ø  Gugup.

Ø  Tumungkul.

Ø  Asring ngebahaken satunggaling bagiyan sarira.

Ø  Ngebahaken sarira kanthi mboten trep kaliyan ingkang dipun ngendikakaken.

Ø  Asring ngukur salah satunggaling sarira.

Ø  Ngelebetaken asta wonten ing sak clana.

Ø  Mboten nggatosaken ingkang midangetaken.

Ø  Asring ninggaal nginggil, lan sakpanunggale.

Sasanesipun puniika kedah dipun gatosaken perkawis kados ing ngandap punika:

a) suwatenipun ingkang los saha mantep.

b) irama suwanten kedah trep, selaras kalian kawontenan.

c) rancaking pamicaran kedah selaras kaliyan tandha-tandhaning anta wecana.

                Suraosipin tanggap wacana saderengipun supados dipun rancang ingkang sae, punapa ingkang badhe dipun aturaken. Menawi perlu saged dipun cathet pokok-pokokipun, senaoso mboten dipun waos.

0 comments:

Post a Comment