Payandraning para Tamu/ Payandraning para Tamu di dalam bahasa Jawa/ Payandraning para Tamu in Javanese FOR JUNIOR HIGH SCHOOL JAVANESE


Payandraning para Tamu/ Payandraning para Tamu di dalam bahasa Jawa

(Sumber: Mujiono. Jati Diri. Ponorogo:MGMP Basa Jawa.)

                Sinegeg ingkang cinandra gantya kang cinarita. Sinatriya pundit a ingkang kaeka adi dasa purwa. Eka marang sawiji, dasa sepuluh purwa jangkep kawiwitan. Satuhu katha titahing Suksma, naming satus tan jangkep sedasa, yen sedasa among sawiji, kang kasinungan budi utama. Budi utamaning kang sinatriya boten kadi luhuring budi rising pamengku gati.

                Satuhu priyagung ingkang luhur kawibawane, jembar pocapane, bebasan suker godhong dadi kadang, kalamun wrekso adoh samya mentelung, dadya cerak samya hamentiung. Ingkang adoh dadi sanak, kang cerak sangsaya semanak. Mila datang nggumunaken bilih ing wanci menika para tamu sampun bek ambalabar hangebeki pahargyan.

                Ing batos rising pamengku gati hamung saged matur: “Sarawuh paduka sagung tamu ingkang minulya, kula sabrayat ngaturake pasegahan panakrami sugeng rawuh. Sewu agunging panuwun awit saking rawuh panjenengan sedaya saperlu mangayubagya, suka idi pangestu hanjenengi, suka pepuji rahayu basuki amrih gesangipun anak kula kekalih kaberkahan dening Gusti kang Mahamirah, kinalisna ing sambekala, tinebihna ing sarusiku, saged gendhon-rukon, atur runtut, runtang-runtung rerentengan, golong-giling ing budi, gesang asih-kinasihan, mad-sinamadan, cinaketna ing Pangeran, gesang kanthi tegen, mugen, gemi nastiti, surti sarta ngati ati, temah saged nggayuh gegayuhan kanthi jumbuh, tresna ingkang; lestari tumekeng wuri.”

0 comments:

Post a Comment