Tanggap Wacana Maulid Nabi Muhammad Saw Mengeti/ Pidato Panitia Hari Maulid Nabi Muhammad Saw di dalam bahasa Jawa/ Committee Speech Day Birthday of Prophet Muhammad SAW in the Java language FOR GENERAL JAVANESE


Tanggap Wacana Maulid Nabi Muhammad Saw Mengeti/ Pidato Panitia Hari Maulid Nabi Muhammad Saw di dalam bahasa Jawa

(Sumber: Margono, G. Tuladha-tuladha Tanggap Wacana Basa Jawa. Surabaya: KaryaUtama.)

                Assalamualaikum wr. wb.

                Bapak-bapak, ibu-ibu saha sadherek-sadherek kaum muslimin wal muslimat ingkang kula kurmati.

                Saderengipun mangga kita sesarengan ngaturaken pudya puji pudyastuti wonten ngarsaning  Gusti Allah SWT dene kita taksih sami pinaringan rahmat hidayahipun, saha kula panjenengan sadaya sami taksih pinaringan kasugengan karaharjan, saged makempal wonten ing masjid Batul Muqodas Desa Bangsalan Kecamatan Sambit Ponorogo mriki.

                Ing dinten punika tanggal 12 Rabiul Awal Tahun 1433 Hijriyah utawi tanggal 5 Februari tahun 2012 Masehi, kita saged makempal wonten ing Masjid Baitul Muqodas Desa Bangsalan Sambit mriki, ingkang saperlu mengerti dinten mauled nabi junjungan kita inggih punika kanjeng nabi Muhammad Saw.

                Kula minangka ketua panitia penyelenggara pengetan mauled Nabi Muhammad Saw ing mesjid Baitul Muqodas Desa Bangsalan Sambit mriki, ngaturaken gunging panuwun dumateng para rawuh ingkang sampun kersa nglonggaraken wekdal kersa ngrawuhi pengetan wiyosipun kanjeng nabi Muhammad saw ing panggenan mriki. Minangka pratandha sampun mantep lan raos sadar dumateng agami Islam minangka pitedah kabagyanipun agesang wonten ing ngalam donya dumugi akhirat.

                Wondene inti saking pengetan punika badhe dipun wedaraken Bapak Sudarmanto saking RT 1 RW 1 Desa Bangsalan Kecamtan Sambit.
               
                Kula kinten atur pambuka pengetan dinten Nabi Muhammad Saw ing dalu punika kula cekapi semanten kemawon. Salajengipun, mangga sesarengan paring tetenger bilih pengeten punika kita wiwiti “Bismilahirahmanir rahim”

                Cekap semanten atur kula, akhirul kalam biilahit taufiq wal hidayah,

                Wasalamualaiku wr. wb.

                Nuwun!

0 comments:

Post a Comment