Ukara Jawa Homofon, Homograf, lan Homonim/ Kalimat Homofon, Homograf, & Homonim di bahasa Jawa/ Homofon, homograf, & homonym in Java language FOR JUNIOR HIGH SCHOOL JAVANESE


Ukara Jawa Homofon, Homograf, lan Homonim/ Kalimat Homofon, Homograf, & Homonim di bahasa Jawa

(Sumber: Mujiono. Jati Dhiri Basa Jawa. Ponorogo: MGMP Guru.)

1) Pancen sunat iku manut antepe dhewe-dhewe.
2) Aku pengin weruh, kowe meri apa ora karo kang masmu sing njaluk sunat kuwi.
3) Tur sunat iku mawa  persiapan mental.

                Saka tuladha ukara mau yen dijingglengi jebul nomer (1) duwe kabisan (potensi) dadi ukara homofon. Ing ukara mau ana tembung kang digaris ngisor kang tulisane antepe. Tembung antepe iki bisa lira-liru, pocapane karo tembung antebe. Nalika dadi tulisan pancen ora ana masalah, nanging yen wis dadi pocapan kaya ora ana bedane, kamangka sejaniten tegese tembung antep lan antebe iku beda tegese. Tembung antepe iku tegese karep utawa sedaya, dene anteb iku tegese abot. Mula saka iku sing diarani homofon yaiku tembung loro kang unine utawa swarane meh padha nanging tegese beda.

                Ing ukara nomer (2) ana tembung meri, kang tegese pengin nduweni utawa bisa kaya …, tembung iki tulisane padha karo meri, kang tegese anake bebek. Loro-lorone tembung mau tulisane padha nanging pamacane beda. Kedaden kaya mangkene iki ing paramasastra diarani homograf. Dadi sapisan maneh, sing diarani homograf yaiku tembung loro kang panulisane padha nanging tegese beda. Kahanan iki pancen bisa nuwuhake kesalahan anggone maca, tumrap wong sing lagi blajar sinau basa Jawa. Dene kang dadi jalaran ana homograf yaiku Basa Jawa kang ditulis latin kang ora milahake maneh antarane aksara swara; taling lan pepet.

                Dene ing ukara nomer (3) ana tembung mawa, kang tegese nganggo. Tembung mawa, iki bisa lira liru karo tembung mawa kang ateges urube geni. Tembung kang kaya mangkono iki ing buku paramasastra diarani tembung homonym. Dadi yen kaya mangkono sing diarani homonym yaiku tembung siji kang tulisane lan pangucapane sarwa padha, nangin tegese beda.

                Sabanjure ayo disinau maneh tuladhane ukara homofon, homograf lan homonym kaya ing ngisor iki:

1) Tuladhane homofon:

a) antep lan anteb

i) antep tegese karep, tuladha: antep atimu dadia dayane tekadmu.

ii) anteb tegese abot, tuladha: karung goni kuwwei pancen anteb, pancen aku ora iso ngangkat.

b) kulup lan kulub.

i) kulup tegese anak, tuladha: kulup, anakku ngger, Gatot Kaca sira budhala ing pabaratan saiki.

ii) kulub tegese sayuran (godhongan), tuladha: mangan nganggo kulub iku rasane luwih seger.

2) Tuladhane homograf.

a) geger lan geger

i) geger kang tegese perangane awak sisih mburi (punggung), tuladha: geger kuwi yen gatek dikukur angel.

ii) geger kang tegese ontran-ontran, tuladha: dhek jaman geger Madiun kae bapakku lagi umur 11 tahun.

b) cemeng lan cemeng

i) cemeng kang tegese ireng, tuladha: Panandhon punika ageman ingkan warninipun cemeng.

ii) cemeng kang tegese anake kucing, tuladha: annisa duwe cemeng telu kabeh lemu-lemu.

3) Tuladhane homonym.

a) Ngukur.

i) Ngukur kanga sale saka: ing+ukur, tuladha: Pak Carik lan Kamituwa ngukur sawah kang arep didol.

ii) ngukur kanga sale saka:ing+kukur, tuladhane:  Selvia ngukursikile sing gatel.

b) Kalong

i) kalong arane kewan, tuladha: sawone entek dipangan kalong.

ii) kalong kang tegese suda, tuladha: dhuwit satus sewu kalong telung puluh pitu  ewu isi pira?

c) Urut

i) urut kang tegese pijet, tuladha: jalaran kesel, Sudarmanto urut nang dhukun pijet.

ii) urut kang tegese jejer, tuladha: urut ing sapinggire dalam diwenehi gendera abang putih.

0 comments:

Post a Comment