Geguritan/ Puisi Bahasa Jawa/ Javanese's Poem FOR JUNIOR HIGH SCHOOL JAVANESE


Geguritan

(Sumber: Mujiono. Jati Dhiri Basa Jawa. Ponorogo: MGMP Guru.)

Geguritan iku asale saka tembung gurit, kang tegese kidung utawa tembang. Satemene yen dicocogake antarane teges (batasan pengertian) karo kanyataan wujud utawa wangune geguritan iku kaya adoh susate. Dadi teges kang wis diandharake iku may babar pisan ora cocog karo kahanane geguritan kang ana. Maksude mangkene, geguritan iku satemene pancen dudu sabangsane tembang utawa kidung. Geguritan iku babar pisan ora padha karo tembang utawa kdung. Jalaran tembang utawa kidung iku anggone nyuwarakake nganggo wewaton/ paugeran/ aturan kang wujude titi laras (notasi). Kamangka gegurritan pamacane ora nganggo weewaton titi laras (notasi). Ora ana aturan kang gumathok babagan carane maca geguritan. Saben wong bebas merdika anggone maca geguritan. Sing baku mung piye amrih kepenake dirungokake dening liyan. Geguritan ing jaman saiki kang ditengenke yaiku tembung kang mentes lan endah. Kaendahane geguritan gumantung marant: (1) pilihan tembung (diksi); (2) lelewaning basa (majas); (3) digunakake ing saben dina. Geguritan migunakake basa kang ringkes nanging sugih teges. Tembung kang digunakake yaiku tembung kias (entar) kang akeh penafsirane.

A) Unsur Geguritan.

1) Struktur Fisik

a) Pamilihe tembung (diksi). Tembung ing geguritan asil saka pamilihe tembung kanthi setiti. Tembung ing geguritan nduweni ateges entar (kias).

b) Pengimajinasian. Tembung ing geguritan bisa nuwuhake khalayan. Kanthi khayalan kasebut kang maca lan ngrungokake bisa melu ngrasakake, ngrungokake, lan ndeleng sawijining bab kang ditulis dening penyair.

c) Lelewaning basa (Majas) yaiku tembung kang digunakake penyair kanggo nyaritakake sawijing bab kanthi cara mbandhingake karo barang utawa tembung liyane.

d) Purwakanthi (Rima/ritma) yaiku mbaleni swara (vocal), mbaleni tembung, kelompok tembung (frasa) utawa mbaleni ukara.

2) Struktur Batin. Struktur batin ing geguritan kaperang dadi papat, yaiku (1) bakuning gagasan/ tema (sense); (2) pangrasane penyair; (3) nada utawa sikap penyair marang “pembaca”; (4) amanat/ pesen. Ngenani unsur batin dibahas ing bab sabanjure.

Rungokno pamacane geguritan ing ngisor iki!

Nggarit Langit

Dening Y.P.B. Wiratmoko

Mendhung gung liwang-liwung,
Lumaku ing ereng-erenging gunung,
Sadalan-dalan kebak eri kemarung,
Kang tinemu omah-omah padha suwung,
Pageri eri carang ori kaya-kaya temlawung,
Nggetuni lelakoning jaman kang lagi bingung,
Lemah bengkah, jurang jugrug, watu-watu,
Padha gumlundhung, ngebaki lurung-lurung,
Iki salahe sapa?
Apa larang sandhang lan pangan sing dadi jalarane,
Nganti gunung-gunung padha gundhul,
Samangsa udan tumeka nuwuhake prahara,
Banjir bandhang nrajang desa ngadesa,
Ngelebi kutha-kutha,
Apa pancen iki sing diarani jaman wis tuwa,
Pangeran ngelingake sing padha lagi lali,
Pituture wong tuwa ing jaman kuna biyen,
“Sing padha prayitna lan ngati-ati,
Eling poma den eling,
Begja begjane kang lali isih begja wong sing eling
Lan waspada, aja meri marang samubarang tumindak
Kang ora adhil, entanana dina kang bakal teka
Kanthi teteken budi rahayu lan pepayung bebener
Sapa nandur bakal ngunduh, sapa utang bakal nyaur,
Sapa nyilih wajibe ngulihake
Wanti-wanti, udine urip rahayu utama
Yen tumeka titi mangsa kowe bakal duwe
Tan wenang nganggo”

(Kapethik saka geguritan katresna dening Y. P. B. WIratmoko)

1) Pamilihan tembung (diksi) kang digunakake ing geguritan “Nggarit Langit” yaiku:

Ø  Gung liwang-liwung kanggo ngganteni tembung gedhe banget.

Ø  Kemarung kanggo nggenteni tembung eri rendhet.

Ø  Temlawung kanggo ngganteni tembung mentelung.

Ø  Lurung-lurung kanggo ngganteni tembung dalan-dalan.

Ø  Prahara kanggo ngganteni tembung angin gedhe.

Ø  Prayitna kanggo ngganteni tembung ngati-ati.

Ø  Teteken kanggo ngganteni tembung gonhelan.

Ø  Pepayung kanggo ngganteni tembung pangayoman.

Ø  Tembung kasebut dianggep luwih endah lan nduweni teges kang padhet.

2) Pengimajinasian. Khayalan kang ana ing geguritan kasebut yaiku “pendengar” kaya ndeleng kahanan kang nggegirisi lan mrihatinake. Kaya ing ukara:

Mendhung gung liwang-liwung,
Lumaku ing ereng-erenging gunung,
Sadalan-dalan kebak eri kemarung,
Kang tinemu omah-omah padha suwung,
Pageri eri carang ori kaya-kaya temlawung,
Nggetuni lelakoning jaman kang lagi bingung,
Lemah bengkah, jurang jugrug, watu-watu,
Padha gumlundhung, ngebaki lurung-lurung,
Iki salahe sapa?
Apa larang sandhang lan pangan sing dadi jalarane,
Nganti gunung-gunung padha gundhul,
Samangsa udan tumeka nuwuhake prahara,
Banjir bandhang nrajang desa ngadesa,
Ngelebi kutha-kutha,

3) Majas. Majas kang ana ing geguritan kasebut yaiku majas personifikasi yaiku mendhung kang mlaku ing ereng-erenging gunung. Mendhung kang kalebu barang mati bisa tumindak kaya makhluk urip.

4) Purwakanthi.

Mendhung gung liwang-liwung,
Lumaku ing ereng-erenging gunung,
Sadalan-dalan kebak eri kemarung,
Kang tinemu omah-omah padha suwung,
Pageri eri carang ori kaya-kaya temlawung,
Nggetuni lelakoning jaman kang lagi bingung,
Lemah bengkah, jurang jugrug, watu-watu,
Padha gumlundhung, ngebaki lurung-lurung,

Ing cuplikan kasebut ing pungkasaning gatra/ baris nganggo wewaton rumtute swara “u”/ purwakanthi guru swara.

Geguritan liyane:

NALAR KANG MULUR
Dening: J Bilawa

Simbok kandha sora; ning ora mbengung
Beja-bejane anakku Kuncung
Bisa sekolah ragat buthung
Ngadhepi kahanan dimen ora bingung
Isi luwung bisa kepetung kaya kancane sing saka omah gedhung.

Simbok kandha sora ning krungu alus
Kuncung anakku bocah bagus
Kowe sekolah kudu lulus
Wis yoben simbok kepalu kebentus
Raga ringkih rambatan turus

Tekate ya mung golek ragat
Kareben sekolahmu bisa tamat
Dadia manungsa kang njabat
Mujuring nasib pawitan jujur
Ya mung iki nalar kang mulur

1 comments: