Rantaman Pokok Wacana/ Unsur-unsur Pokok Pidato di dalam bahasa Jawa/ Key Elements of Speech in the Java language FOR GENERAL JAVANESE


Rantaman Pokok Wacana/ Unsur-unsur Pokok Pidato di dalam bahasa Jawa

(Sumber: Margono, G. Tuladha-tuladha Tanggap Wacana Basa Jawa. Surabaya: KaryaUtama.)

                Ing salebeting tanggap wacana kedah kamot perkawis ingkang kados punika, kanthi rantaman ingkang sampun turut:

a) Salam Pamuka.

b) purwaka.

c) Isi.

d) Wigatining wacana (kesimpulan).

e) Pangajeng-ajeng.

d) Wusana (panutup).

a) Salam Pambuka. Salam pambuka punika ngaturaken salam ingkang sepindah. Tuladhanipun kangge tiyang Islam mawi salam pambuka: “Asalamualaikum wr. wb. Miturut ajaran Islam, salam pambuka punika kedah dipun aturaken langkung rumiyen saderengipun nyebat ingkang rawuh. Amargi wonten tatacara Islam, mboten wonten ginanipun ngaturaken salam sasampunipun ngaturaken utawi nyebat para rawuh rumiyin. Pramila ing racikan punika dipun purwakani kanthi salam rumiyin nembe dipun lajengaken nyebat asma para rawuh.

b) Purwaka. Pambuka punika atur nuwun dhumateng para tamu undangan, saha atur syukur dumateng Allah SWT lan sapanunggalipun.

c) Isi. Isi nggih punika sedaya perkawis ingkang dipun wedaraken.

d) Wigatining wacana (kesimpulan). Wigatining wacana inggih punika inti saking isi ingkang sampun dipun wedaraken.

e) Pangajeng-ajeng. Pangajeng-ajeng inggih punika pitedhah-pitedhah saha pangajeng-ajeng ingkang dipun wedaraken dhumateng para ingkang midangetaken.

f) wusana (penutup). Wusana inggih punika atur matur nuwun saha nyuwun pangapunten bilih wonten kekirangan saha kelepatan anggenipun nyaosi pangertosan utawi wacananipun.

0 comments:

Post a Comment