Tanggap Wacana Pasrahan Panganten/ Pidato Pembukaan Memasrahkan Pengatin di dalam bahasa Jawa/ Opening Remarks Pengatin surrender in the Java language FOR GENERAL JAVANESE

Tanggap Wacana Pasrahan Panganten/ Pidato Pembukaan Memasrahkan Pengatin di dalam bahasa Jawa

(Sumber: Margono, G.Tuladha-tuladha Tanggap Wacana Basa Jawa. Surabaya:CV KaryaUtama.)

Asalamualaikum wr. wb.

Nuwun sagunging para rawuh sadaya ingkang kinurmatan. Panjenenganipun Bapak …………. (besan) ingkang dahat kula bekteni.

        Kula minangka tetalanging basa cundhakaning atur panjengnanipun Bapak ………. (ingakng mengku damel) kekalih. Ingkang sapisan: ngaturaken salam taklimpun mugi kunjung dhumateng bapak …… (besan sakaliyan, kanthi pepuji mugi bapak saha Ibu …. (besan) sakaluwarga tansah pinaringan berkah rahmating Pangeran saha suka rahayu ingkang sami pinanggih.

        Kaping kalihipun: kula ugi tinanggenah masrahaken atmajanipun inggi Sri panganten kakung ingkang peparap bagis ………….

        Kanthi panywunan mugi kaparenga kadhaupaken kaliyan pun rara …. Putra putrinipun Bapak ……… (Besan). Kaping tiganipunL saderengipun calon panganten kula pasra-haken wonten ing ngarsa panjenengan, kula ngaturaken puji pudyastuti ing ngarsanipun Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, mugi upacara ….. sageda kalampahan kanthi wilujeng kali sing sambekala.

        Ing samangke calon panganten kula pasrahaken ing panjenengan, selajengipun sadaya kula sumanggakaken masa borong panjenengan.

        Cekap semanten atur kula, mbok bilih wonten cecer cewet tuwin kuciwaning atur saha mbok bilih wonten kirangi suba sita, tandhang tandhuk tuwin tata krami, kula nyuwun pangaksama.

Akhirukalam bilahitaufik walhidayah,

Wasalamualaikum wr. wb.

0 comments:

Post a Comment