Layang ten Basa Jawa/ Surat di dalam Bahasa Jawa/ Letters in the Java language FOR JUNIOR HIGH SCHOOL JAVANESE


Layang ten Basa Jawa/ Surat di dalam Bahasa Jawa

(Sumber: Mujiono. Jati Dhiri. Ponorogo:MGMP Basa Jawa.)

Layang iku gedhe pigunane tumprap urp bebrayan. Lumrahe lumrah digunakake dening wong minangka pribadi lan uga digunakake ing kantor partikelir (swasta) lan kantor duweke pamarintah. Dhen jaman biyen sadurunge ana piranti handphone pigunane layang iku penting banget kanggo kirim kabar marang sanak sadulur kang adoh. Saiki jaman saya maju, tugas jejibahane layang minangka sarana kanggo nyambung tali silaturahmi, nyambung kabar tumrap marang sanak sedulur kang adoh wis digenteni dening telpn lan handphone. Sabanjure saiki tuwuh pitakon, apa layang kiriman isih dibutuhake dening bebrayan Jawa? Kasunyatane saiki akeh wong Jawa kirim kabar nganggo SMS. Apa SMS bisa digolongake sawenehe laying? Satemene apa kang diarani layang iku ngemot isi arupa  pakabaran. Mula banjur ana istilah layang pakabaran kanggo ngarani Koran. Yen ndeleng saka wose (esensi) mesthine SMS uga kena diarani layang. Yen biyen layang ditulis ing dluwang utawi kertas, saiki layang ditulis ing piranti elektronik,. Senajan wis ana kang bisa diganteni dening HP (handphone) nanging kita yen isih kerep mrangguli utawi nemoni yen isih ana pakabaran kang ora bisa utawa ora pantes yen diliwatne SMS-an, yaiku ulem-ulem kanggo wong hajatan utawi sunatan. Kajaba saka iku, yekti ora ana alane yen kita kabeh nyinaoni apa kang dadi warisane para lelhur mligine ing babagan layang. Jalaran layang iku uga ngandhut tata trapsila adab sopan. Beda karo dening Handphone. Senajan wis ana internet lan surat bisa dikirim kanthi e-mail (layang elektronil) nanging format utawa wangun layang mau tetep ora robaah. Sing robah mung pirantine layang. Yen layang biyen ditulis ingdluwang utawi kertas. Saiki ing internet ditulis ing computer. Dadi yen kaya mangkono layang iku nganti kapan bae isih bakal lestari lan tetep ana.

B) Wernaning Layang

1) Wenane Layang Jawa

a) Layang iber-iber (layang kiriman kalebu layang pribadhi),

b) layang ulem-ulem (layang undangan),

c) layang kitir (uga kalebu layang pribadhi),

d) layang dhawuh (surat tugas, lumrahe digawe dening kantor).

e) layang paturan (surat laporan, lumrahe digaawe dening kantor).

                (katrangan: layang kang digawe dening kantor utawi instansi iku lumrahe ngnaggo basa Indonesia. Jalaran layang iku mau kagolong layang resmi.)

2) Perangane layang Iber-iber, kayata:

a) Adangiyah (adawyah),

b) Pambuka (bebuka),

c) Isi (Surasa basa),

d) Panutup (wasana basa),

e) Titi mangsa (tanggal lan taun),

f) paprenahan,

g) tandha tangan.

3) Adangiyah. Adangiyah uga lumrahe diarani satata basa. Mula diarani basa jalaran adangiyah iki. Mratelakake marang sapa layang iku dikirimake. Kang kaya mangkono iku njalari unine adangiyah uga maneka warna kayata:

a) Ingkang sembah sumungkem lan ingkang sembah pangebekti. Minangkah adangiyah layang kang dikirimake marang para pinituwa, bapa biyung, guru, panggedhe, embah, wong wadon marang bojone lan sapituture.

b) ingkang pangabekti, adangiyah layang kang dikirimake marang kadang utawa sedulur tuwa kakang utawa mbakyu, sedulur ipe kang luwih tuwa.

c) ingkang salam. Adangiyah layang kang dikirimake saka sedulur tuwa marang sedulur enom kang diajeni kang luwih dhuwur drajade.

4) Ingkan Salam Pandonga. Adangiyah layang inking dikirimake saka wong tuwa marang wong enom kang diajeni.

5) ingkang pandonga.  Adangiyah layang kang dikirimake saka wong tuwa marang anak putu sing direngkuh kaya anak putune dhewe.

6) taklim. Dangiyah layang kang dikirimake saka wong tuwa marang sapadha kang diajeni.

7) Salam taklim. Adangiyah  layang kang dikirimake saka wong kang luwih tuwa menyang wong enom utawa menyang sapadhane.

8) ingkang taklim. Adangiyah layang kang dikirimake marang mitra utawi kanca ingkang isih ajen ingajenan.

9) Dene layang kang ditulis nganggo basa Jawa ngoko, kang dikirimake marang kanca, sapadha-padha karna wis rumeket banget anggone kekancanan lan kekadangan bisa nggunakake adangiyah:

a) Pamuji slamet,

b) pamuji basuki,

c) pandonga slamet,

d) pepuji sesanti,

e) pepuji wijayanti,

f) karengga sagung pakurmatan,

g) karengga sagung pahargyan,

h) kairing sagung kautaman,

i) karengga ing sagung puja rahayu,

j) lan sapiturute.

C)Tuladhane Layang.

1) Tuladhane layang Kiriman (Iber-iber)


Katur
Dhumateng Panjenenganipun
Bapak lan Ibu Sudarmanto
Ing ndalem

(1) Ingkang sembah pangabekti

Assalamualaikum wr. wb.

(2)          Nuwun wiyosipun, sesarengan serat punika kula nyaosi uninga bilih kawontenan kula ing Wonogiri ngantos wekdal punika tansah ginanjar wilujeng, boten wonten alangan satunggal punapa. Kula sesuwun rinten dalu dhumateng ngarsane Gusti Allah, mugi-mugi Bapak saha Ibu tansah manggih kawilujengan saha kesarasan.

(3)          kejawi saking punika, miturut pengumunan ingkang sampun kula tampi saking kampus, bilih wiwit tanggal 21 Desember 2012 punika badhe dipun wontenaken ujian semesteran. Gegayutan kaliyan punika sedaya mahasiswa kedah bayar dana ujian sarta nglunasi buku. Pramila saking punika kula nyuwun kintunan arta cacahipun Rp 1,000,000.00. dene anggenipun ngintun utawi transfer sampun ngantos langkung saking tanggal 12 Desember punika.

(4)          wusanaa cekap semanten atur kula. Menawi wonten kalepatan nyuwun agenging pangapunten.

(5) Wonogiri, 1 Desember 2012

(6) Ingkang Putra

(7)

(8) Pambudi Beja Toyib

Katrangan:

a) angka siji (1) mratelakake adangiyah,

b) angka loro (2) mratelake pambuka utawi bebuka utawi purwa basa,

c) angka telu (3) mratelake isi utawi surasa basa,

d) angka papat (4) mratelake panutup utawi wasana basa.

e) angka lima (5) mratelake titi mangsa,

f) angka enem (6) mratelake peprenahan,

g) angka pitu (7) mratelake tandha tangan,

h) angka wolu (8) mratelake jeneng kang kirim layang.

2) Tuladhane Layang Resmi Basa Jawa

KELOMPOK TANI SRI REJEKI
DESA BANGSALAN KECAMATAN SAMBIT KABUPATEN PONOROGO
Sekretariat: Dalan Minak Agung No. 10 Telp (0352)311110
No: 002/KTSR/VI/2012
Babagan: Undangan Panyuluhan Ama Tanduran
Rangkep:….
21 Desember 2012


Katur,

Dhumateng Bapak …..

Anggota Kelompok Tani Sri Rejeki

Ing Dusun ………. Desa Bangsalan Kecamatan Sambit Ponorogo

Karengga ing Sagung Pakurmatan,

                Ngaturi uninga dhumateng para bapak, anggota kelompok Tani Sri Rejeki Desa Bangsalan. Bilih kanthi telasipun magsa gadhu saha ngancik dhumateng mangsa katiga punika, Balai Penyuluhan Pertanian Kecamatan Sambit badhe ngawontenaken penyuluhan ingkang badhe kaleksanaan benjang:

dinten/ tanggal : Selasa, 1 Januari 2013

tabuh/ jam         : 19.30 (bakda Isyak)

manggen ing      : Dalemipun Bapak Bambang Yudhoyono
                                Dusun Bangsalan Desa Bangsalan Kecamatan Sambit

                Wusana cekap semanten atur kula. Awit saking sedaya kawigatosanipun dipunaturaken agenging panuwun.

Kapirsanan,
Pangrasaning Kelompok Tani Sri Rejeki


SUDARMANTO
Sekretaris KTSR


PERTIWI WIDYASTUTI

3) Tuladhane Serat (Layang) Ulem-ulem

Katur

Dhumateng Bapak/ Ibu, ……………………..
Ing …………………….

                Assalamualaikum wr.wb.

                Karengga reroncening sekar pakurmatan

                Nuwun, sinartan reroncening sekar pakurmatan, keparenga kula kekalih matur saha caos uninga dhumateng Panjenengan sekaliyan. Hambok bilih menawi Gusti Allah Ingkang Maha Mirah aparing lestantun saha kali sing rubeda sambikala. Kula kekalih badhe anetepi dharmaning asepuh, angemah-emahaken, amiwaha suta mahargya siwi, anak pambajeng kula name Sudarmanto Bambang Martha dhaup kaliyan Erna Pudyastuti Pramita, putra putrinipun Bapak Sadiman Toyibun saking Bulukerto Wonogiri. Wondene pahargyan palakrami dhaupipun temanten badhe dipunleksanani benjang:

dinten   : Jumat Legi (surya kaping, 27 Juni 20110

wanci tabuh       : 14.00 ngantos sacekapipun.

Manggen ing      : Griya kula RT 01/02 Desa Tanjungpura, Kecamatan Ngadirojo Pacitan.

Panglipur             : Qosidah Modern Nada Dakwah.

                Ingkang punika, mujudaken pakurmatan saha ingkang tanpa pepindahan tumrap kula sakaluwarga, menawi panjengan kanthi dhanganging panggalih kersa rawuh ing griya kula. Sarta keparenga paring tambahing berkah pangestu wilujeng dhumateng anakkula panganten kekalih sumarambah ing sadayanipun.

                Wasana, sangyaning kaluwarga atur agunging panuwun katur panjenengan awit kawigatosan tuwin rawuhipun.

                Wasalamualaikum wr. wb.

                                                                Saking kula miwah gotra kulawarga


Marto

Ndherek angrerantos:

1) Bapak Muji Mujiono. (Sesepuh Tanjungpura)

2) Ibu Tietien. (Kades Tanjungpura)

3) Bapak Hartono Spd. (Kades Buluketro)

4) Tuladha Layang kitir. Layang kitir beda banget karo layang iber-iber (layang kiriman), ing layang kiriman ora nganggo satata basa utawi adangiyah, ora nganggo bebuka lan ora nganggo panutup (wasana basa). Nanging tetep isih nganggo titi magsa, pepranahan lan tandha tangan.

Gatekna tuladha!

Kitir

Daksuwun rawuhmu ing omahku suk dina Senin, tanggal 31 Desember 2012 jam 23.00 WIB, saperlu rembugan babagan lamaran sarta petung dina ijabe putramu.

Sambit, 1 Desember 2012
Ingkang Rayi

Sudarmanto


0 comments:

Post a Comment