Tuladha Crita Alaming Lelembut/ Contoh Cerita Alam Gaib di dalam bahasa Jawa/ Examples of Magical Nature Stories in the Java language FOR JUNIOR HIGH SCHOOL JAVANESE
Tuladha Crita Alaming Lelembut/ Contoh Cerita Alam Gaib di dalam bahasa Jawa
(Sumber: Mujiono. Jati Dhiri. Ponorogo:MGMP Basa Jawa.)
Kaya kang wis diandharake ing ngarep yen ing jagading kasustraan Jawa iku crita cekak iku dipilah dadi telung golongan, yaiku cerita cekak, romansa utawa roman lan crita alaming lelembut. Pancen sanyatane cerita mau isi lang kang dicritakake beda. Semono uga, sutresna utawa pandhemene (penggemar) uga beda. Bebrayan Jawa (masyarakat Jawa) percaya banget anane lelembut, jin, peri, pesugihan, danyang lan liyane. Ing cerita alaming lelembut iki pangripta (pengarang) ngajak marang kang para maos (pembaca) ngumarab (berkelana) ing alam gaib. Pangumbaran ing alam liya, ya alam gaib iki bisa nuwuhake rasa: wedi (horror), kaget (kejutan), tidha-tidha (cemas) rasa percaya lan rasa ora percaya, campur adhuk ing kene. Senajan apa kang dicritakake ing crita alaming lelembut iku mau ora nyata kadadeane nanging akehe sing maca padha seneng.
Tuladhane:
Semplah
(dening Fretilis DNS)
“Pak,…. Seduk aku entuk buku LKS enem, ngendikane bu guru diutus mbayar telu sik. Tunggakane bisa dicicil mengko me semesteran…!” kandhane anakku Fitra, nalika teka saka sekolah.
“Ya sesuk takgolekake dhuwit…” jawabku ngayem-ayemi. Bareng krung kaya mangkono anakku ragil terus mlayu bungah mlebu kamar njupuk salin. Atiku seneng, ndeleng anakku bisa ngguyu. Senajan mbuh saka ngendi anggonku golek dhuwit kanggo bayar buku sing dijaluk anakku. Aja maneh kok bayar buku, kanggo sanguine bocah loro wae kurang. Pancen anakku mung loro thok, tur wedhok kabeh. Kamangka meh telung tahunan aku ora kerja merga di PHK dening pabrikku. Tujune isih ana sedulursing aweh pitulungan. Ning mundhak gedhe mundhak akeh kebutuhane anak-anakku. Ora mung beaya sekoah wae, nanging uga kabutuhan padinan kaya dene nyenyandhang, macak lan sapanunggale.
Aku wis nyoba nglamar gaweyan mrana-mrene. Ning sepira dayane awak sekeng tur balung tuwa. Mesthine kalah karo nom-noman sing luwih gagah prakosa lan mumpuni. Mula Manawa tumekane saiki ish durung ana sing gelem nampa tenaga tuwa kaya aku iki, ya maklum. Aku kudu sabar narima ing pandum. Alhamdulillah… Gusti Kang Akarya Jagad isih paring rejeki liwat wartel saka sisane pesangon karo urunan ponakanku. Stihik-sithik ana asile. Sakliyane kanggo nyangoni bocah-bocah, uga kena kanggo butuh saben dinane. Ning yen diarani cukup ya durung. Wong wartel mung sakkamar thok. Tinimbang thengak-thenguk nganggur ngethekur. Nunggoni wartel ora ketang thar-thir ana asile.
Seneng banget rasane anakku mbarep Freti lulus SMP kanthi biji ora kalah karo kaancane. Dadi pra bakal kangelan anggone golek sekolahan negeri. Tur ya nduweni sertipikat kursus awit nalika aku nilai ijazahe nalika penerimaan siswa baru. Lah kok sing dipilih anakku kuwi sekolah sing kawentar reputasine. Mula kudu wani saingan karo siswa sapirang-pirang. Panyuwunku marang Gusti ngijabahi. Anakku ketampa dadi siswa ing sekolah favorit mau. Sakabehe ubarampe kudu dicukupi kanthi ragad ora sethithik. Sing bisa ora bisa kudu dicukupi. Durung maneh bojoku mlebu rumah sakit lan kudu dioperasi. Kemangkaa dhuwit ing tangaanku ora sepiroa. Mung cukup kanggo mbayar pirantine sekolah anakku sing mbarep. Kuwi wae durung kanggo mbayar uang pangkal.
“Piye Pak……. Sesuk kudu wis maringi uang muka sik….” Lapurane Freti karo rada nangis.
“wis, rong dina maneh bapak arep mbayar auang pangkalmu…! Jawabku sinambi ngelus-elus rambute. Ing batin rasane kudu mbengok seru. Dhuh Gusti! Mugi-mugi paduka paring kalodhangan dhateng anak kula amrih saged sekolah kanthi lancar.
Sakwise sakabehe surat-surat daktandatangani, aku banjur ngadhep mnyang kasir saperlu ngenteni dhuwit utangan saka bank. Sepeda montorr warisan wong tuwaku kapeksaa takgadhekake kanggo mbayar uang pangkale anak lan biaya operasi bojoku. Ngono wae isih golek tombokan liyane merga isih kurang. Lega pancen pikirane. Mbuh mengko piye nyicile, sing penting perkara uang pangkal sawetara katutup. Biaya operasi uga bisa kebayar. Sirahku dadi entheng. Anakku bisa sekolah. Bojoku uga bisa waras. Senajan ta pikiranku kudu mubeng golek dalaan kanggo nyicil wulan ngarep.
Ndonya iki rasane nungsang njempalik. Mubeng ora karuwan genahe. Pikiran lan batin asring jibeg. Cicilan utang bank durung ngerti entuk saka ngendi, anakku padha aba bab kabutuhan sekolah. Sing mbarep njaluk ditukokake flash disk sing regane rongatus ewu. Jare yen ora nganggo kuwi ora nduwe cathetan sing bisa kasimpen. Dene sing ragil, njaluk LKS-e enggal kon nglunasi. Bojoku dhewe sambat wayahe nyicil utangan PKK.
“Pak entuk undangan saka sekolahan….!” Lapure anakku nalika bali sekolah. Taktampani terus takwaca. Isine surat peringatan nglunasi uang pangkal sing isih separo luwih. Kajaba kuwi uga kudu nglunasi SPP rongsasi, merga wis cedhak karo ulangan semesteran. Yen ora, kepeksa anakku ora bakal bisa melu semesteran. Ora mung anak mbarep sing entuk layang saka sekolahan. Anakku ragil, mulih sekolah prembik-prembik merga ditagih SPP lan buku LKS.
Dhuwti enthukane saka wartel taketung, dijereng-jereng nganti amba isi durung nutup saakabehane panjaluke anak-anak lan bojoku. Arepe dikalahake salah siji kok tangeh lamun. Ndonyane wis nyungsang njempalik tumpang tindih ora karuwan. Pungkasane gelas isi cuweran pembersih lantai taksuntak menyang cangkem nganti gusis. Sesawangku dadi sumrepet peteng ndhedhet tanpa warna babar blas. Weruh aku digandheng wewujudan sing ora katon rupane. Gedhe dhuwur putih nggegirisi. Kukune dawa-dawa reged, kaaya mentas kanggo nyakari barang lembek empere daging kang mentaas dibakar.
“Aku arep digawaa menyang ngendi….!” Panyentakku sinambi tanganku sing digandheng. Ora ana jawaban, kepara malah anggone narik tangan luwih sero nganti krasa lara ing pergelangan tanganku. Wewujudan sing nggeret aku sansaya suwe sansaya mudhak gedhe. Praupane sing maune ora katon merga katutup kudhung, saiki bareng dibukak katon nggegirisi. Kanthi rupa kang rojah-rojah irunge complong siji ditambah mripat mendolo. Ambu amis nduleg irung.
Nganti pungkasane tekan panggonan kang omber kaya dene alun-alun lan ing kadohan katon waangunan kaya sawijining karaton. Rerenggan ing sakupenge, wiwit saka gapura lawang regol tumekane lawang njero digawe saka rangkan manungsa. Gapurane dihias nganggo tumpukan cumplung, dene kusene lawang regol digawew saka balung manungsa.
“Ha…ha….ha! Entuk bala maneh… pinter Mat Tardi golek mangsa,” ucapane wanita ayu nanging meti siyunge. Pacakane kaya ratu. Sing diundang Mat Tardi mung ndhodhok aweh pikurmat karo nyembah.
“Matine kenapa Mat Tardi…” takon sawise guyune mendha.
“nginung….obat pembersih lantai….!” Jawabe kanthi suwara bindheng merga irunge growing.
“he kisanak…kowe saiki dadi punggawaku. Kowe mati nasara, mula selawase uripmu bakal dadi budhakku…!” kandhane pawongan sing macak ratu kuwi nudhing marang aku.
“sudhi aku dadi punggawamu…apa maneh kok dadi budakmu,” wuwusku sereng.
“jan sombong tenan kowe…!ora weruh lagi adhep-adhepan karo sapa…?” sentake ratu kuwi katon ngamuk. Ngakon punggawane supaya nyeret aku menyang pakunjaran. Punggawa loro nyandhak tanganku terus nyeret nganti aku niba tangi. Saiba kagete, bareng weruh sing jenenge pakunjaran. Ing kono akeh pawongan sing nembe disiksa ing kamare dhewe-dhewe. Ana sing isih dikeroki gegere nganti kulite padha nglonyom. Ana sing isih dipothel-pothel lengene nganti dawir dipuntir.
Ing antarane pawongan-pawongan sing disiksa mau ana sing takkenal. Dheweke mati nglalu merga ditinggal mati pacare. Jenege Budi Pasir, bocahe rada gendheng merga kakehan ngombe. Dheweke nglalu kanthi ngombe arak oplosan ngluwih takeran. Sijine maneh jenenge Yanto Kenthir. Dheweke mati kacilakaan sepeda motor merga kahanan mendem.
“Allah…Akbar….!”bengokku karo methal cengkeramane punggawa loro kuwi. Para punggawa lan sakabehane sing ana kono padha pating njerit sajak kelaran. Pating kreyan sinambi nyekeli sirahe dhewe-dhewe. Kahanan malih dadi gonjang ganjing kaya ana lindhu. Wewujudan iku padha mlayu nunjang palang.
“Alhamdulillah…! ‘ ana suwara pangucap syukur ing sacedhake kupingku. Ugi ana suwara tangis sing ndrenginging ngebaki panonku. Alon-alon wewayang kang pating slengkrah mau gumanti wewayang kang sarwa putih. Mripatku mbaka sithik melek. Regemeng-regemeng kuwi sansaya cetha yen aku nembe dikupengi dening tenaga medis. Ora suwe keluwargaku diolehi mlebu.
“Bapak…!” panjerite anak bojoku karo nubruk ragaku, ungkep-ungkep ing dhadahku karo nangis ngguguk. Aku dhewe uga oraa kuwat nahan rasa gelaku. Merga wis lali marang sangkaan parane dumadi Lali marang Gusti Kang Maha Agung, sing paring pirang kanugrahan, sing paring urip.
Cuthel
(Kapethik saka Panjebar Semangat No. 30, 26 Juli 2008)
B) Piwulang Luhur Sajroning Crita. Pangripta (pengarang) anggone nulis reriptan (karangan) iku mesthi duwe ancas (tujuan) marang sapa bae kang maca critane mau. Ancas utawa tujuane yaiku aweh piwulang budi pekerti lan budi luhur. Memunggal kanthi lantaran cerita, iku malah luwih bisa ditampa dening sapa bae. Sapa bae kang maca crita, dheweke bisa njupuk piwulang kanthi tanpa rumangsa dipinteri dening pangriptane. Semono uga crita alaming lelembut kang sesirah (judul) “Semplah” iki uga ngemot (memuat) piwulang luhur tumrap saba bae. Sing diarani piwulang luhur iku mesthine tansah cocog dicakake dening sapa bae. Ing sadhengah wektu lan sadhenga papan (relevan dengan situasi dan kondisinya). Piwulang luhur kang kaemot ing crita akeh cahahe. Tuladhane kang bisaa dijupuk saka cuplikan mau:
1) sapa bae kang kepingin bisa nyukupi kabutuhan urip kudu nyambut gawe.
2) senajan wis tuwa minangka kepala kaluwarga kudu bisa nyukupi kabutuhan kaluwarga kanthi nyaambut gawe.
3) kita kudu sabar lan nrima paring Gusti Allah lan kudu tansah mbudidaya.
Dudutane (Simpulan). Piwulang kang kinandhut (terkandung) ing cuplikan wacan mau isih cocog (relevan) dimapake ing bebrayan (masyarakat) jaman saiki.
0 comments:
Post a Comment