Panatacara/ protokol Bahasa Jawa/ Master of Ceremony Javanese FOR JUNIOR HIGH SCHOOL JAVANESE
Panatacara
(Sumber: Mujiono. Jati Dhiri Basa Jawa. Ponorogo: MGMP Guru.)
Panatacara yaiku wong kang dipercaya ngatur utawa nata lakune acara. Ing madyane babrayan (masyarakat) panatacara uga kerep sibet/ diarani, protocol, MC (Master of Ceremony) utawa pembawa acara, panata adicara, pranata adicara, juru wicara, paniti laksana. Mungguh bakune ayahan lan jejibahane yaiku nglantarake laku cak-cakane acara ing sawijining pasamuwan (kumpulan, pista, sarasehan), temantenan, pahargyan, sunatan, kematian, seminar, rapat lan liya-liyane. Jejibahane panatacara iku luwih abot tinimbang pamedhar sabda. Tugas jejibahane pamedhar sabda iku wiwite nalika dheweke kadhapuk dening panatacara lan rampunge nalika dheweke wis kasembadan medharake apa kang dadi gatine pasawuan iku. Kang kaya mangkene iki beda karo kang diayahi/ diemban/ dilakoni dening panatacara. Jalaran panatacara kudu wis tumandang gawe wiwit isih arupa rantaman. Rancangan kang kudu digawe bareng dening panitia. Yen diperdhil mungguh jejibahan lan cak-cakane panatacara iku kaya mangkene:
1) Panatacara kudu teka ing dhapukane panitia (pembentuk panitia) sarta weruh dum-dumane tugas wong siji lan sijine. Sarta apal sapa sing tanggung jawab, sapa kang nindakake, kepriye carane nindakake, kapan wektune lan apa ubarampe kang dibutuhake.
2) weruh apa kang dadi bakune prastawa (maksud dan tujuan kegiatan).
3) panatacara kudu bisa ngacarani (memandu) kabeh acara kanthi apal tanpa teks.
4)panatacara kudu bisa nyebut/ ngarani samubarang (sesuatu) kanthi bener lan jangkep (lengkap) umpamane: ngarani asmane wong kudu bener lan lengkap sakgelare (jabatan), jam, dina, tanggal, minggu, sasi lan taun uga kudu trep, papan panggonan, desa utawa kutha uga kudu bener lan trep.
5) panatacara kudu bisa tanggap lan miturut apa kang dadi panjaluke kang duwe gawe lan uga tanggap karo tuntunane (arahan) ketua panitia.
6) panatacara kudu bisa gawe resep endahe swasana lan weruh ubarampe (alat) kang dibutuhake.
7) Yen ing temanten, panatacara kudu bisa njumbuhake (menyesuaikan) metune suguhan, unjukan, dhaharan, lelangen (hiburan) lan acara liyane.
8) Panatacara uga kudu bisa ngendhaleni (mengatur) swasana amrih laku trep karo rantaman (rancangan).
9) Kanggo ngrancagake laku, panatacara bisa nganthi (nyertakan) paraga bantu kang tugas jejibahane; mawas kridhaning panatacara (monitoring), aweh pamrayoga (memberi saran) amrih lakune panatacara bisa lancar lan liyane.
Kaya mangkono iku kang dadi sengsanggeman utawa jejibahane panatacara. Amrih bisane lumaku apik. Kabeh kang diandharake mau kudu dimengerti lan uga ditrepi. Kajaba saka iku kaya kang kasebut ing nomer 6, yen panatacara iku kudu bisa gawe resep endahe swasana. Resep endahe swasana iku ing antarane uga bisa saka panganggone basa kang digunakake. Panatacara kudu pinter nggunakake basa, milih tetembungan lan ngrakit ukara cundhuk karo paramassastra. Wose (intinya) basa kang apik iku uga komunikatif, lire gampang dimengerti tumrap wong kang ngrungokake.
Tuladha teks Panatacara (Contoh untuk teks Panatacara)
Tuladha Panatacara ing Maulid Nabi Muhammad saw.:
Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Nuwun,
Dhumateng panjenenganipun Bapak Kepala Sekolah SDN Wilangan Sambit ingkang minulya, Bapak/ Ibu guru saha karyawan karyawati ingkang kinurmatan, para lenggah ingkang winantu agunging pakurmatan, saha kanca-kanca ingkang kula tresnani.
Lumintuning puja dala puji mugia tansah konjuk dhumateng ngarsanipun Gusti ingkang Maha Agung. Inggih awit saking kamirahanipun saha kaparengipun kita sedaya taksih saged kempal manunggal kanthi kebak ing karaharjan, ketentreman, kabagyan saha kabagaswarasan. Ugi boten kasupen, sholawat dalah salam mugia tetep kaluberaken dhumateng Nabi Agung Muhammad sholallahu ‘alaihi wassalam. Ingkang sampun suka paring pitedah dhumateng kula saha panjenengan sedaya ing margining gesang ingkang kebak kasaenan. Saha dhumateng Panjenenganipun sanget kaajeng-ajeng pitulunganipun benjang ing dinten kiyamat.
Para rawuh kakung saha putrid ingkang winantu ing suka rahayu. Kaparenga kula angaturakeh menggah urutaning rantaman adicara ing pengetan Maulid Nabi Muhammad Saw. Samangke punika.
1) Pambuka.
2) Waosan ayat suci Al Qur’an.
3) Atur pangandikan saking pangarsa panitia.
4) Medhar Sabda saking Bapak Kepala Sekolah.
5) Sabda tama tausiyah saking Panjenenganipun Bapak Kyai H. Masyudi Achmad M.Si.
6) Donga.
7) Panutup.
Mekaten rantaman reroncening adicara pengetan Maulid Muhammad s. a. w. sumangga, kaparenga sami ngenut lampahing pahargyan punika kanthi sakeca saha mardikaning panggalih.
Ing selajenipun, adicara ingkang angka sapisan pambuka. Sumangga adicara pahargyan punika kabuki sesarengan kanthi waosan basmallah.
Wondene adicara ingkang kaping kalih waosan ayat suci kalamullah Al Qur’anul karim. Nuwun kawula nuwun, kalaning Ayat suci Al Qur’an kawaos, dhumateng para rawuh ingkang katemben ngayahi pakaryan, kersaa lerem sawatawis. Dhumateng rayi mas Badruddin, sasana saha pandayaswara kula aturaken. Sumangga ………….
Mekaten kalawau menggah swatenipun ayat-ayat suci Al Qur’an sampun kawaos. Mugya andayani kesaenan dhumateng kita sadaya, temahan saged ambekta lancar saha rancagipun adicara pengetan punika.
Tumapak adicara ingkang kaping tiga, Medhar sabda saking Panjenenganipun Bapak Kepala Sekolah SDN Wilangan Sambit. Dhumateng Bapak Kepala Sekolah SDN Wilangan, wekdal, sasana dalah pandayaswara kula aturaken sakwetahipun. Sumangga…
Acara salajenipun sabda tama tausiyah saking panjenenganipun Bapak Kyai H. Masyudi Achmad M. Si. Dhumateng Bapak Kyai H. Masyudi Achmad, wekdal, sasana dalah pandayaswara kula aturaken. Sumangga….
Terang trawaca dhawuh pangandikan saking Bapak Kyai H. Masyudi Achmad M. Si. Mugi-mugi punapa ingkang dipunggnedikakaken sageda katindakaken wonten ing gesang punika. Amin Ya Robbal ‘alamin. Adicara salajengipun donga. Dhumateng Kyai H. Hasyim, wekdal, sasana dalah pandayaswara kula aturaken.
Adicara ingkang karantaman sampun kasil lulus kalampahan kanthi lancar saha rancag. Saderengipun adicara punika dipun tutup, kula minangka titah sawantah, menawi wonten sedaya kalepatan, wiwit saking muna-muni, solah bawah, tata karma, saha samudayanipun ingkang kirang nuju prana, mawantu-wantu, kula nyuwun agengipun pangaksami. Wasana sumangga adicara pengetan Maulid Nabi Muhammad s. a. w. punika katutup sesarengan kanthi waosan hamdalah.
Bilahitaufik wal hidayah, wassalamu ‘alaikun wr. wb.
0 comments:
Post a Comment