Payandra Sasana Pawiwahan ten Boso Jawi/ Payandra Sasana Pawiwahan di dalam bahasa Jawa (Arti perlengkapan pernikahan Jawa di dalam bahasa Jawa)/Payandra Sasana Pawiwahan in Javanese (Meaning of Traditional Javanese wedding supplies in the Java language) FOR JUNIOR HIGH SCHOOL JAVANESE


Payandra Sasana Pawiwahan ten Boso Jawi/ Payandra Sasana Pawiwahan di dalam bahasa Jawa (Arti perlengkapan pernikahan Jawa di dalam bahasa Jawa)

(Sumber: Mujiono. Jati Diri. Ponorogo:MGMP Basa Jawa.)

Tuladha:

                Rep sidhem premanem tan ana sabawaning walang alisik. Lah menika minangka pratandha bebukaning panyandra. Satuhu katha papan ingkang edi lan negsemaken, nanging boten kados edi lan endahing sasana pawiwahan. Gapuraning pawiwahan rinengga edining rerengan janur kuning, sinangga ing pisang raja cengkir gading, tebu wulung, pari sewuli, sekar sarta wohing kapas, ron apa-apa, suket alang-alang miwah kaluwih, ron waringin sarencekipun, pengaron ingkang setaman ingkang minangka wasita sinandi. Wimbuh amilangoni sasana pawiwahan kang pinajang dilancang rinonce, wilis, seta, rekta, miwah kresna.

JANUR KUNING, janur dumados saking tembung jan kaliyan nur. JAN ateges satuhunipun nun inggih sayektinipun. NUR ateges cahya, nun inggih cahyaning Hyang Suksma Gusti ingkang Murbengrat. JANUR ateges among mijil saking Gusti. Ing pangajab risang temanten kekalih sedangunipun gesang mugya tansah pikanthuk lan nuhoni cahyaning. Suksma ingkang awujud pitedah serta wewarah satemah risang temanten kekalih saged nuhoni parentahe Widhi, hanebihi wewalering agami.

PISANG RAJA SETANDHAN SASULUHAN, ngemu suraos bilih risang temanten ingkang pinindha raja saestu sageda darbe wewatekaning raja ingkan sarwa-sarwi tanggel jawab berbudi bawaleksana, tresna asih mring kawula, remen suka dana, hanetepi pangandika. Tembenipun saged sinuyudan ing kawula, sukur-sukur risang penganten saged dados tepa palupining brayat ingkang tansah saged tinulat dening asanes.

CENGKIR GADHING, ing salebeting cengkir isi toya wening. Mugi tresnanipun risang penganten kekalih linambaran ing tresna ingkang suci, linandhesan weninging cipta, rasa, miwah karsa. Tresna ingkang suci kados mimi hamintuna. Atut runtut rerentengan, golong-giling ing budi, saeka praya ing pakarya, saeka kapti ing pakarti.

TEBU WULUNG, lawung kajarwa tebu minangka anteping kalbu. Manunggaling jalu tanapi wanita satuhu sampun linambaran anteping manah risang temanten kakalih, kapangeston para pinisepuh, kasepuhan, sesepuh, kadang miwah sentana. Pinilih tebu wulung awit tebu menika ingkang sentosa. Ateges kasatosaning brayat saged ginayuh lamum linambaran tresna ingkan suci, risang temanten kakalih samya rumangsa handarbeni, melu hangrungkebi, mulat sarira hangsara wani.

PARI SAWULI, ngemu wasita ingkang sinandi, bilih risang temanten kekalih sageda tansah kacekapan ing boga sarta nulat tumindaking pantun. Katanem satunggal, tuwuh sawuli. Risang penganten sagede ndhedher kasaenan. Males budi rahayu, enggal pinaringan putra minangka rerengganing bale wisma, sangsaya sepuh sangsaya tumungkul, boten sesongaran, sarta tansa kurmat dhateng asames.

SEKAR SARTA WHING KAPAS, sekar minangka tansa dados pepinginaning manungsa. Mugi gesang bebrayanipun temanteng kekalih dados pepenginaning brayat sanes awit gesangipun tentrem, ayem, manggih kamulyan sarta kabagyan. Brayat sanes saged nulad gesangipun temanten kekalih. Kapas menika dados sarana pandameling busana. Ateges mugi risang temanten kalih sagede tansah kacakepan ing wastra. Menawi kagerba kaliyan rerenggan pari serta kapas, ing pangangkah risang temanten sageda tansah kacakepan ing boga miwah wastra (pangan lan sandhang).

RON APA-APA SARTA SUKET ALANG-ALANG, minangka pralambang bilih tumapaking karya pawiwahan menika, purwa madya, sarta wasana saged lumampah kanthi rancak, boten wonten alangan apa-apa, kalis mulya manggih raharja.

RON KALUWIH SAHA RONING WARINGIN, kanthi pangajab gesangipun risang temanten kekalih pinaringan kaluwihan inggih luwih boga, wastra, sarta wibawa, satemah saged jumeneng murakabi tangga tepalih, kadang sentana, pawong lan mitra. Waringin menika satungaling wit ingkang ronipun tuwuh angrembaka, angrembuyung saged minangka pangeyuban ingkan samya kajawahan saha kabenteran.
Risang temanteng kekalih sageda dados pangayoman tumrap tiyang sanes, langkung-langkung pangayoman tumrap para kadang kadeyan, sadherek saha pawong mitra.

SEKAR SETAMAN ING PANGARON, ingkang ngambar arum kadya jebat kesturi mengku wasita bilih gesangipun risang temanten kekalih saged ngambar arum kadus aruming sekar.

>>>>>>>>>>>>>>>>> 

0 comments:

Post a Comment