Parikan ten Boso Jowo/ Pantun di dalam bahasa Jawa/ Poem in Javanese FOR JUNIOR HIGH SCHOOL JAVANESE


Parikan

(Sumber: Mujiono. Jati Diri. Ponorogo:MGMP Basa Jawa.)

Tembang Suwe ora jamu minangka tembang tradisional kang wus lawas banget nganti ora bisa disumurupi sapa sing nganggit. Nganti tekan saiki isih kepenak dirungokake utawa ditembangake. Kejaba tinemu ing tembang, parikan uga kerep tinemu ing kidung ludruk. Ing seni teater tradisional ludruk iki parigan uga diucapake dening penari remo. Kanggo mangayu bagya para penonton. Dene ing ludruke Kartolo C.S., parikan akeh tinemu ing kidungan kang diucapake mawa pengiring gamelan.

Tuladha parikan kang tinemu ing kesenian ludruk kayata:

a) Pring ditumpuk-tumpuk, bumbung diisi merang.
Cilik diipuk-ipuk, mbesuk gedhe maju perang.

b) Merang pari wulu, manuk dara nucuk gangsir.
Yen perang ayo bersatu, bangsa landa ayuk diusir.

                Ing jula juli guyonan Cak Kartolo C.S., parikan iku lumrah kanggo mbubari kidungane. Parikan digawe sing lucu-lucu sing tujuane kanggo gawe gumuyune penonton.

a) Tepak mlaku sore-sore, ana wong wedok mlayu abang klambine.
Dakuber uwong jare ngutil tempe, bareng tak cekel dadak bojoku dhewe.

b) Turi-turi gak tau kena bubut, ana ketumbar  aja nang lemah.
Ditutur gak tau nurut, bareng diumbar gak saba omah.

c) Ora gampang wong nabuh kenong, yen ra weuh pancere.
Ora gampang wong bertindang ngomong, yen durung weuh bukti nyatane.

d) Samirah omahe Nganjuk, didol murah tetap ora mathuk.

e) Samirah omahe Mojokerto, samirah ayuh cangkeme amba.

                Kanthi gambaran kang wis dibeber ing ngarep para isiswa diajab bisaa oleh dudutan (simpulan) apa ta satemene parikan ikut. Pancen angel kanggo negesi parikan iku yen mung diucapake satembung utawa saukara. Kita ora bisa njlentrehake (mendiskripsikan) kanthi ukara. Kanggo njawab utawa mangsuli titikan-titikane (ciri-cirinya). Dadi parikan yaiku unen-unen kang nglungguhi paugeran utawa pathokan kaya mangkene:

a) Kadadeyan saka rong ukara, kang dhapukane ukara nganggo purwakanthi guru swara (menggunakan persajakan atau rima).

b) Saben saukara kadadeyan saka rong gatra.

c) Ukara kang kapisan minangka purwaka utawa bebuka dene ukara kapindho minangka tebusane utawa isi.

Tuladha:

1) Parikan kang kadadeyan saka (4 wanda+ 4 wanda) X2.

a) Tawon madu, ngisep sekar.
Golek imu, kudu sabar.

b) Wajik kletik, gula jawa.
Luwih becik, sing prasaja.

c) Manuk emprit, mencok pager.
Dadi murid, kudu pinter.

2) Parikan kang kadadeyan saka (4 wanda+8 wanda) X2

a) Kembang aren, sumebar tepining kalen.
Aja dahwen, yen kowe kepingin kajen.

b) Kembang menur, ganda sedhep sandhing sumur.
Kudu jujur, yen kepingin kowe luhur.

c) Pasar legi, tabuh loro durung rame.
Pengin ai, labuha karo bangsane.

3) Parikan kang kedadeyan saka (8 wanda+ 8 wanda) X2

a) Kolang-kaling pakan ula, sadhompol isine telu.
Eling-eling dadi siswa, ja lali sregep sinau.

b) Iwak yuyu iwak wader, pethuk bulus mangan apem.
Yen sinau dadi pinter, besuk lulus ati tentrem.

c) sega punar lwuh empal, segane penganten anyar.
Dadi murid aja nakal, kudu anteng ati sabar.

Parikan ing Bebryan Jawa

Parikan wis lawas bangeet urip lan ngrembaka (berkembang) ing bebrayan Jawa. Embuh piye mula bukane tuwuhe parikan iku nanging sing maton parikan iku kalebu susastra Jawa Tradisional. Edi endhae (nilai estetika) parikan mau dumunung ana ing keajegan njaga tebane pruwakanthi (rima/ persamaan bunyi). Biyen purwakanthi pancen isih kerep tinemu ing geguritan, nanging ing jaman saiki, ing geguritan gagrag anyar wis ora pati ngopeni purwakanthi mau. Mula saiki piye dadina yen parikan ninggal purwakanthi (rima/ persajakan).

                Saka tebane purwakanthi kang ajeg lan runtut iku nyata bisa aweh daya rasa kepenak lamun dirungu lan uga bisa agawe ngguyu yen kapinju lucu (mempunyai nilai humor), lan gojlogan (sindiran) apa dene kanggo aweh panyaruwe (kritikan). Malah kajaba saka iku parikan uga kena kanggo njajagi kelantipane sawijining wong. mula saka iku ora jeneng aneh.

                Kajaba minangka kanggo gegojegan, parikan uga bisa kanggo werna kebutuhan kang sifate kanggo ajak-ajak marang masyarakat, bisa uga kanggo nulis slogan, politik. Biyen ana sawijining tokoh ludruk diukum dening penjajah Jepang jalaran saka parikane kang unine “Gupon omahe dara, melu Nippon tambah sengsara.”, kang ngeling-ebling tokoh ludruk mau, jenenge banjur kanggo njenengi gedung kesenian Surabaya, yaiku gedung Cak Durasim.


0 comments:

Post a Comment