Juru Pranata Upacara Temanten/ Penata Acara Upacara Pernikahan dalam Bahasa Jawa/ Event stylist in Javanese Wedding Ceremony FOR GENERAL JAVANESE


Juru Pranata Upacara Temanten/ Penata Acara Upacara Pernikahan dalam Bahasa Jawa

(Sumber: Margono, G.Tuladha-tuladha Tanggap Wacana Basa Jawa. Surabaya:CV KaryaUtama.)

A) Pambuka

Assalamualaikum wr.wb.

                Para rawuh kakung miwah putrid ingkang kinurmatan. Kula ingkang kajibah nampi ayahan minangka juru wicara utawa pranata tata cara pawiwahan ing dinten punika ngaturaken pambagya sugeng wilujeng rawuhipun para tamu sadaya saha keparenga hanya kecakaken lenggahipun kalayan anengga titi wancinipun upacara pawiwahan dipun wiwiti.

                Ngiras kangge anengga wiwiting pawiwahan keparenga kula badhe maosaken rancangna rerantaman hadicara pawiwahan ing dinten punika. (Lajeng kawaosna rerantaman hadicaranipun)……………………………………….

                Wasana kaparenga kanthi sabaring panggalih lan kanthi eca sakeca anggenipun sami lelenggahan sarwi midhangetaken larasing gendhing-gendhing panguyu-uyu minangka pakurmatan rawuhipun para tamu sadaya.

Nuwun!

B) Urutan Kaping Kalih.

                Kula nuwun, para rawuh kakung miwah putrid ingkang tuhu ambeg sadu budi.

                Keparenga kula ngaturi uninga dhumateng para sadherek ingkang tinanggenah angayahi wajib methuk penganten kakung. Pramila panjenenganipun Bapak …. Sakanca kula aturi enggala bidhal angayahi wajib mapag panganten kakung.

Nuwun!

C) Urutan Kaping Tiga.

                Kula nuwun, para tamu kakung miwah putrid ingkang tuhu kinurmatan.

                Kula ngaturi uninga bilih penganten putrid sampun paripurna anggenipun dandan angrasuk busananing pawiwahan. Pramila panjenenganipun ibu-ibu pamonging penganten inggih punika Ibu ……. Kaliyan ibu …………… kula aturi angirit saha ngacarani ingkang putra calon panganten putrid kapapanaken ing papan palenggahaning penganten sowan ngabyantara ing papan pawiwahan ing ngarsaning para tamu sadaya.

D) Urutan Kaping Sakawan.

                Kula nuwun, para tamu ingkang kinurmatan. Kawuningana bilih calon penganten kakung sampun prapta ing papan utawi wisma pawiwahan.

                Wondene praptaning calon temanten kakung ingkang ginarubyk para pangiringing penganten badhe kinurmatan ungeling gendhing …………………..

                Wonten ing wekdal punika panjenenganipun bapak …………… saha Bapak …………….. kula aturi methik hangacarani saha mranata tatacaraning upacara “pasrah-pasrahan”. Sasuwuking gendhing ……… badhe dipun wonteni upacara pasrah-pasrahan. Dene ingkang tinaggenah masrahaken calon penganten priya dipun sarirani dening panjenenganipun bapak …. Saha Bapak ……. Wondene ingkang kajibahan nampi pasrahaning panganten panjenenganipun Bapak …………… Dene sawingkingipun kaaturaken jumeneng Ramanipun panganten putri, inggih punika panjenenganipun Bapak ….. ingkang kaapit dening panjenenganipun Bapak ………… tuwin Bapak ……….

                Salebetipun upacara pasrah-pasrahan para tamu kasuwun lenggah kemawon.

                Nuwun!

E) urutan Kaping Gangsal

                Kula nuwun, para rawuh kakung putri. Upacara pasrah-pasrahan badhe kawiwitan sumangga panjenenganipun Bapak …….. kasuwun amasrahaken calon penganten kakung ……… Sapunika keparenga panjenenganipun Bapak ……….. anampi pasrahanning calon penganten.

F)Urutan Kaping Enem

                Mekanten para tamu ingkang minulya, upacara pasrah-pasrahan sampung rampung paripurna.

                Ing mangke tumuntun bahde dipun wiwiti wontenipun upacara Ijap-Piningkah. Bapak-bapak ingkang sami tinanggenah kasuwun siyaga ing damel.

Nuwun.

G) Urutan Kaping Pitu.

                Kula nuwun, para tamu ingkang kinurmatan, kawuningana bilih upacara “alad nikah” sampun rampung. Salajengipun panganten kekalih badhe tumunten kapanggihaken.

                Dene ingkang kejibah anganthi panganten kang kakaung inggih punika panjenenganipun Bapak ………… saha Bapak……………

                Wondene ingkang anganthi panganten putri inggih punika panjenenganipun Ibu … tuwin Ibu …. (Upacara panggihing panganten dipun sepuhi dening ……..).

                Upacara panggihing panganten badhe kairing gendhing ………. (umpaminipun: gendhing Kodhok ngorek kalajengaken Ketawang Larasmaya pelog pathet barang).

                Para tamu kaparenga maringi berkah panganten saha mahargyo panggihing panganten. Sumangga para tamu sadaya jumeneng mahargya dhauping panganten.

(Panganten dipun panggihaken)

H. Urutan Kaping Wolu.

                Kula nuwun, para rawuh ingkang tuhu tresna, upacara panggih dhauping panganten sampun rampung. Para tamu kasuwun wangsul lenggah malih kanthi larasing panggalih saha kanthi suka mangun suka angrahabi sadaya lelangen lan pasugatan ingkang badhe kaladosaken.

                Ngaturi wuninga bilih badhe kawontenaken upacara kacar-kacur saha upacara ngabekten ingkang badhe dipun pranata dening Ibu …………..

                Semangga, Bapak ……… saha Ibu kasuwun angestreni upacara ngabekten punika.

I. Urutan Kaping Sanga.

                Nuwun, para rawuh ingkang tuhu saduhing budi. Ngaturi wuninga bilih ingkang mangku damel panjenenganipun Bapak ….. sarimbit badhe nglahiraken punapa ingkang dados isi raosing penggalih.

                Ing sarehning panjenenganipun mboten saged nyarirani piyambak jalaran saking bebek berag berawaning manah.

                Pramila badhe kawakilaken dening panjenenganipun Bapak ………. Ingkang badhe kaapit-apit dening Bapak … saha… Wusana wekdal kula aturaken dhumateng Bapak-bapak ingkang sami kemawon.
Sumangga!

J.  Urutan Kaping Sadasa: Kirap.

                Nuwun, para rawuh kakung miwah putri ingkang kinurmatan. Ing mangke sampun dumugi titiwancinipun panganten saka-liyan badhe kakirapken. Dene ingkang badhe nyepuhi saha amranata uwin ingkang anjangkung ngawat-awati lampahing kirap wau kasuwun panjenenganipun Bapak …….. tuwin Ibu…………….

                Wondene urutaning lampahing upacara kirap punika:

a) cucukaning lampah utawi suba manggalaning lampah inggih punika panjenenganipun Bapak ….

b) pangatipun sadherek … saha….

c) Pata sakembaran pun …. Saha…..

d) panganten sekalian kaapit pamomongipun panganten, inggih punika Ibu …. Tuwin Ibu ….

e) Dene ingkang kajibah dados putri-putri dhomas inggih punika:

1) ……

2) …. lan saklajengipun.

f) Ingkang minangka pathithing kirap dipun sarirani dening ingkang mengku damel, inggih punika Bapak …. Saha Ibu….

                Upacara keraping panganten kabiwoda lan sinumba sinukarta ungeling gendhing ….

                Sumangga, Bapak …. Saha Ibu …… kaparenga anggayahi damel ambedhol panganten.

K) Urutan Kapuing Sewelas:

a) PANYANDRA UPACARA KIRABING TEMANTEN.

                Swuh rep data pitana hamenggih pundit wisma ingkang kaeka hadi dasa purwa. Eka sawiji, hadi linuwih, dasa sapuluh purwa kawita.

Hanenggih ing wismanipun Bapak …, mila kinarya bebukaning panyandra. Wisma ingkang wonten ing mriki satung-galing wisma ingkang rinengga-rengga sagunging kaendahhing rerupen ingkang maneka warni, satemah andamel adi miwah asri hing pandulu. Sadaya kala wau sayekti mratandani bilih sakalangkung angeng raos kabingahanipin ingkang hangrenggani wisma, hamengku karya inggih punika panjenenganipun Bapak …… sarimbit, ingkang kapareng hamiwaha ingkang putra pangantensekalian ingkang wekdal samangke sampun kepareng tindak jengkar saking panti palenggahan tumuju mring sasono busono arsa gantos pangageman.

                Punapa ta menggah pangageman ingkang den agem putra panganten sekaliyan, panganten sekaliyan manggem busana kaunggulaning busana ingkang endah ing warni: pating galebyar, pating karelap. Sumunare hangebaki salebeting wisma pawiwahan, obyar sumunar kadya sasotya tinaretes kang kinarnya rerengganing busana, satemah kanambahi kawibawane putra panganten sekaliyan ingkang katingal pekik myang sulistya ing warni, wadanane sumunar.

                Lamun cinandra sirna sipating janma pindha Sang Hyang Bathara Kumajaya  miwah Bathari Ratih ingkang hangejawantah. Sebet byar wahuta kaya mangkana, upacara kiraping panganten hingkang sunuba-sunukarta kinurmatan gendhing Ibu Pertiwi, ingkang ngemu suraos bilih panganten sekaliyan ginadhang para sesepuh, rama-ibupun tuwin para kadang kulawarga sadaya, mugiya ing mebnjingipun sageta kathah labuh labeting dhateng tanah wutah rah bangsanipun, inggih punika Ibu Pertiwinipun Negari Republik Indonesia.

                Wahuta kacapa kiraping panganteng ginarubyuk para kadang kulawarga saha putri dhomas ingkang sami sulistyaning warni.

                Sintenta ingkang dados suba manggalaning lampah, ingkang dados suba manggalaning lampah inggih punika panjenengaipun Bapak …..

                Punapa darmanipun dene Bapak.. kasuwun amberkahi dados cucuking lampah. Darunanipun inggih punika kasuwun paring berkah pangestu, sageda panganten sakaliyan widada, windraya saha waluya nirhing sambekala. Lampahing suba manggalaning kirap alon-alon, tata, titi, titis larasing wiramaning gendhing. Sapecak, satindak lampahira tansah mulat ngonan mulat ngering, angelam-lami.

                Satindak tumuleh nganan, satindak tumoleh ngering pindha Bathara Wisno angejawantah, perlu anjenengi saha mahargya lampahing penganten ingkang nembe kawiwaha ing wekdal punika.

                Dene sak wingkinging pucuking lampah katinggal lampahing pangapit inggih punika ….. tuwin …. Ugi patha sakembaran ingkang sulistyaning warni. Sintenta ingkang minangka paraganipun patah sakembaran wau.

Inggih punika ….. tuwin …………

                Punapata werdinipun dene sadaya panganten punika sageda mawi upacara  patah sakembaran saha sekar mayang sak kembaran, inggih punika saged amengku suraos kekudanngan utawi  pandonga: mugi-mugi penganten sekaliyan saged anglaras njumbuhaken anggolong-geleng-giligaken manunggaling jiwa anglarasaken jumbuhing cipta rasa karsa saha kridhaning gesangipun ngantos mujudaken loro-loroning ngatunggal. Dwi tunggal kanggo tan kena pinisahna, lahir batin ndonya dumugining ndhelahan.

                Pramila sanget-sanget panyuwunipun ingkang amengku damel, kersaa para rawuh tansah nambah-nambahna puja puji pudyastuti, mugi-mugi penganten sekaliyan sageda enggal atut runtut gendong  rukun, dumugining kaken-kaken ninen-ninen. Kadya Kamajaya-Kamaratih angejawantah, ya kadya mimi kamintuna lir pindha suruh lumah lan kurebe, yen sinawang beda rupane yen ginigit padha rasane.

                Wahuta, kaya mangkono anggenipun lumampah panganten sekaliyan, tansah akekanthen agegandhengan kanca pangembating asta. Kanthi busana pawiwahan ingkang edi peni animbuhna saening sariranira, lir pindha Bathara Kamajaya Kamaratih ingkang tumurun ing ngarcapada.

                Tindakira panganten kekalih rerentengan rerentungan pindha Raden Kamajaya kalawan Wara Sumadra. Anggenipun jumangkah alon-alon anggere kelakon, sampun ngantos kesusu, grusa-grusu nuruti hawa nepsu.

(khusus: menawi ngangge ubarampe lengkap)

                Punapata darunanipun dene upacara pawiwahaning panganten mawi ubarampe tetuwuhan ingkang kapasang ing sakngajenging papan pawiwahan sadaya manca warning uba-rampe tetuwuhan, anggadahi raos falsafah puja-puji pudyar-tawa.

Kadosta:

Ø  Tebu: anggadahi suraps antebing kalbu, inggih punika pepuji sageda kanthi mantebing kalbu panganten sekaliyan anggeni pun sami ambangun bale griya.

Ø  Cengkir: inggih punika kedah mawi kencenging pikir, manunggaling citra nalar pangertenipun.

Ø  Tundung pIsang: anggadahi pangajab mugi-mugi panganten ing tembenipun badhe pinaringan keturunan ingkang ten ingkang kados tuwuh dumarundu lir tundhumaning pisang kalih-kalihipun.

Ø  Ron kluwih: sakaloronipun mugi dadoso jalma ingkang linuwih.

Ø  Pantun ulem: saha mugi kinembungan ing rejeki.

Ø  Sekar kuning: satemah saged kayuwara kuncara, kondhang kaonang-onang, saening namanipun angambar-ambar pindha gandane sekar kemuning.

Ø  Wit waringin: ingkang tundhanipun saged dados pangauban utawi pangayomaning kulawarga.

Ø  Ron kara: ingkang satuhu kenging kangge ngayom sarta sampun ngantos manggih prekara.

Ø  Alang-alang: mugi tinebihna ing sadaya alangan.

Ø  Ron apa-apa: sampun kirang satunggal punapa. Widada rahayu amanggih sukare naming lami-laminipun.

Wahutu kaya mangkono lampahing kirabing panganten sampun dumugi sangajenging papan pawiwahan. Kocapa lampahhira panganten lir narendra ing maespati Sri Nata Prabu Harjunasasrobahu.

        Ginarubyuk putri-putri dhomas para mudhi-mudhi indah sulistyaning warna punapata werdinipun, dene kirabe panganten ginarubyuk kenyo ingkang taksih prawan legan.

        Mekanten kalawu ing pangajab mangkenipun panganten  sekaliyan tansaha dados tepa palupi, tepa slira saha tepa tuladhaning para mudha angggenipun badhe ambangun tatakerta raharja ning bale griya.

        Dene para mudhi-mudhi, para Kenya-kenya ingkang taksih legan katingalana dados pameraning para tamu sadaya, mbok bilih saking para tamu badhe sami milih tandhing ngupados jodho utawi mantu. Sumangga kantun miliha ingkang pundi ingkang badhe kapilih.

        Dene para mudhi kadadosna pangrubyuk sawingkinging panganten ing pangajab sageda enggal angsal jodho ingkang sosok wedhah kendhim cocok rasaning ati.

        Sintenta ingkang dados pethithing lampah, inggih punika ingkang amengku damel panjenenganipun Bapak …. Sarimbit. Ingkang kanthi bebeg barag berawaning manah saha suka pirenaning driya tansah akekinthil tut wuri handayani, amemanuki lan anjampangi lampahing upacara kirab mrih sugeng wilujeng widada nir sambikala, mboten kirang satunggal punapa.

        Ing salebeting batos among tansah meminta kanugrahaning Pangeran Ingkang Maha Agung, mugi-mugi putra panganten sekaliyan tansah pinayungan ing panguwaosipun, tansah, manggih kayuanan, sinembadan punapa ingkang dados gegayuhanipun ingkang utami ingkang tumuju amrih katentreman ing bebrayan agung.

        Mongkog raosing panggalihipun rama ibu, dupi ningali putra panganten kekalih gegandengan asta, katingal atut runtut reruntungan, ingkang anggambaraken manunggaling raos katresnan lahir tumusing batos.

        Dungkap parapto ing sasono busana putra panganten sekaliyan, pramila para rencang ing pepungkuran samiya alok asorak rame asung pakurmatan, asung marga kinen hangurmati putra panganten sekaliyan ingkang arsa manjing ing salebeting sasono busono.

B) KIRAB WANGSULIPUN.

        Paripurna ing gati anggenipun Sri Panganten gantos pangageman, mila lajeng kepareng badhe wangsul ing ngarsanipun sagunging prayagung tamu sadaya.

        Saking katebihan sampun kawistara sunaring pasuryanipun putra panganten sekaliyan ingkang kairit suba manggalaning lampah, katingal tlemek-tlemek  lampahira anganut wiramaning gendhing. Dhasar wibawa gemes luwes angadi sarira, rereh, ririh, ruruh ingkang respati, sayekti damel luluhing para pamirsa. Pantes yenta pinitados dados manggalaning lampah. Sakedhap-sakedhap noleh mawingking, katinggal Sri panganten sekaliyan ingkang sampun ngrasuk busana pangeranan, sayekti hanambahi pekik myang sulistya ing warni, miwah kawibawanipun mancrorong wedanane sumunar, binga pindha narendra mudha jumenengan enggal. Lamun cinandra pindha rising Dananjaya ingkang hanganti rising garwa Dyah Kusumaning Ayu Dewi Wara Sumbadra arsa tindak lelana alelangen suka mring madyaning patamanan ingkang endah asri adipeni. Ingkang kadherekaken denong para putrid dhomas kadya widodari saketi kurang sawiji ingkang tetap setya andherekaken tindakaing putra panganten sekaliyan.

        Sanadyanta taksih radi sawetawis anggenipun ngrantosi sang panganten sekaliyan nanging taksih katingal binger, pangageman ingkang den agem taksih katingal endah, jalaran sayekti busana pinilih ingkang samya den agem, busana ingkang taksih enggal, nembe medal saking panjahit. Mila wonten ingkang sami anguda rasa kados pundi raosipun nderekaken panganten sekaliyan.

        Dhasar busananipun endah ing warni saha ingkang ngagem sulistya-sulistya samya asarira sedheng, kuning nemu giring pakulitane mawa cahya ingkang pepindha pakudhang samya areraton ing madyaning tetuwuhan. Para Kenya katingal suka parisuka iang wardaya anderekaken tindakipun Sri Pangenten kekalih.

        Sakalangkung katingal suka panggalihipun inggih punika Rama lan Ibu ingkang taksih tut wuri handayani  dupi nguningani ing salebenting wisma pawiwahan taksih kebak prayagung para pangarsaning praja ingkang kaluberaken mring putra panganten sekaliyan ing satemah tansah amnggih rahayu widada nir sambekala.

        Sampun prapti ing panti palenggahan putra panganten sekaliyan lenggah jajar ing kursi rinengga. Ing ngajab para wira praja manggalaning praja tansah kiniliran kanan kering dening putri-putri  timur sakembaran, ingkang angantos-antos dhawahing wahyu kamulyaning gesang.

I) URUTAN KAPING ROLAS

        Nuwun, para tamu sadaya ingkang dahat kinurmatan. Ngaturi uninga bilih panganten sampun anggenipun santun busananing pawiwahan lajeng badhe wangsul ing palenggahan sakawit.

        Wondene lampahing panganten kapanembrama ungeling gendhing ….. Sumangga

M) Urutan Kaping Tiga Welas

        Para rawuh, sesampunipun panganten sekaliyan satat lenggah ing palenggahaning panganten ing samangke badhe sinungata lelangen ….. ingkang katindakaken dening …….

N) Urutan Kaping Sekawan Welas.

        Nuwun, para rawuh ingkang minulya!

        Awit saking panyuwunipun ingkang mengku damel bapak …. Kasuwun maringi wursita wara utawi sabdatama perlu kangge sangu panganten kekalih anggenipun badhe nyepeng puser pusaraning bale griya.

        Wekdal kula aturaken, sumangga!

O) Urutan Kaping Gangsal Welas.

        Makanten wau para rawuh, sabdatama saking Bapak… Awit saking menika, ingkang mengku damel ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindahan katur panjenenganipun Bapak … ingkang sampun kersa amaringi sabdatama punika.

P) Urutan Ingkang Kaping Nem Bleas

        Nuwun, para rawuh ingkang tuhu minulya,sanget panuwunipun ingkang mengku dalem kaparenga hanya kecakaken anggenipun lelenggahan kanthi suka mangun suka saha lega waning panggalih angrahabi sadaya lelangen saha pasugatan, mugi keparenga ngantos nutug dumugi saparingipurnaning pawiwahan punika. Dene thandanipun bilih sampun titi wanci bibaran mangke menawi panganten sekaliyan sampun bedhol saking palenggahan kagrubyug Rama tuwin Ibunipun kekalih badhe sumadiya wonten sangajenging papan pawiwahan, saperlu nguntapaken kunduripun para tamu saha nyuwun tambahing berkah pangestu saking para tamu sadaya.

        Dene kunduripun para tamu mangke badhe kawiwaha ungeling gendhing …..

Q) Urutan Ingkang Pungkasan: Panutup

        Nuwun, para tamu ingkang kinurmatan.

        Kaningana bilih pawiwahan ing wekdal punika angsal berkat rahmating Gusti Allah Swt. Tuwin puja-puji pudyastuti saking para tamu sayada sampun kalampahan kanthi wulujeng nir baya nir sambekala.

        Ing samangke sampun dumugi titi wancinipun paripurnaning pawiwahan. Pramila saking punika panganten sekaliyan nunten kabedhol kagrubyug, kaapit-apit, rama ibunipun badhe sumadiya wonten sangajengipun papan pawiwahan.

        Perlu nguntabaken kunduripun para tamu sadaya. Kunduripun para tamu ingkang hamengku damel sabrayat, sakula-warga ndherekaken sugeng wilujeng saha ngaturaken gunging panuwun ingakng mawantu-wantu kanthi sesanti puja-puji pudyastuti, mugi-mugi para tamu tansaha suka rahayu yuwana waluya ingkang pinanggiha.

        Gendhing ….. minangka pakurmataning bibaran badhe tumunten kapiyarsakaken. Sumangga, matur suwun.

0 comments:

Post a Comment